Kabupatèn Demak
|
|
|
![]() Koordinat : 6º43'26" - 7º09'43" LS dan 110º48'47" BT |
|
|
|
|
| Provinsi | Jawa Tengah |
| Ibukutha | Demak |
| Jembar | 1149.77 |
| Pedunung | |
| · Cacahé | 1036520 |
| · Kapadhetan | 1.154 jiwa/km² |
| Pamérangan administratif | |
| · Kecamatan | 14 |
| · Désa/kelurahan | 247 |
| Dhasar hukum | UU No. 13/1950 |
| Tanggal | - |
| Dina dadi | {{{hari jadi}}} |
| Bupati | Drs. Tafta Zani, MM. |
| Kodhe area telepon | 0291 |
| APBD | {{{apbd}}} |
| DAU | Rp. 544.790.064.000,- |
| Suku bangsa | {{{suku bangsa}}} |
| Basa | {{{bahasa}}} |
| Agama | {{{agama}}} |
| Flora resmi | {{{flora}}} |
| Fauna resmi | {{{fauna}}} |
| Zona wektu | {{{zona waktu}}} |
| Bandhar udhara | {{{bandar udhara}}} |
|
Situs web resmi: http://www.demakkab.go.id/ |
|
Kabupatèn Demak iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasine ing sisi wétan, kutha Demak iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Jembar wilayah Kabupatèn iki ± --- km2 utawa --- hèktar.
| ing sisih lor karo: | Kabupatèn Jepara lan Segara Jawa |
| ing sisih kidul karo: | Kabupatèn Grobogan lan Kutha Semarang |
| ing sisih kulon karo: | Kutha Semarang |
| ing sisih wétan karo: | Kabupatèn Kudus lan Kabupatèn Grobogan |
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Kurang luwih 6 (enem) abad kapungkur, miturut papan géografisé, kawasan sing ajeneng Demak nyatané ora dumunung ing pedalaman sing leté luwih kurang 30 km saka pesisir Segara Jawa kaya sing ana wektu saiki. Kawasan kasebut ing wektu semana dumunung ing cedhak Kali Tuntang sing sumberé asal saka Rawa Pening. Geografi kasajarahan ngenani kawasan Demak bisa uga diwaca ing buku Dames, sing judhuél “The Soil of East Central Java” (1955). Jroning buku kasebut dijelasaké yèn Demak biyèn dumunung ing pinggir segara, utawa luwih persis ana ing gisiking Selat Silugangga sing misahaké Pulo Muria karo Jawa Tengah. Ngenani ékologi Demak, DR.H.J. De Graaf uga nulis yèn dunungé Demak cukup nguntungaké tumrap kagiatan dedagangan lan tetanèn. Bab iki amarga selat sing ana ing ngarepé cukup amba saéngga prau saka Semarang sing arep tumuju Rembang bisa lelayaran kanthi bébas liwat Demak. Nanging sawisé abad XVII Selat Muria wis ora bisa dilayari manèh amarga tansaya cethèk.
Tanggal 28 Maret 1503 ditetepaké minangka dina dadi Kabupatèn Demak. Bab iki ngarujuk marang prastawa penobatan Raden Patah dadi Sultan Bintara ing tanggal 12 Rabiulawal utawa 12 Mulud Taun 1425 Saka (dikonversi dadi 28 Maret 1503).
Geografis [sunting]
Kabupatèn Demak dumunung ing antara 6043’ 26” – 70 09’ 43” LS, lan 1100 48’ 47” BT, kanthi tapel wates wilayah : • Sisih lor : Kabupatèn Jepara lan Segara Jawa • Sisih wétan : Kabupatèn Kudus lan Kabupatèn Grobongan • Sisih kidul : Kabupatèn Grobogan lan Kutha Semarang • Sisih kulon : Kutha Semarang
Jembar Wilayah Kabupatèn Demak ya iku 88.743 ha, déné jembar segara 252,34 ha. Jembar kemiringan lahan : arupa dhataran : 0 – 2%, jembaré : 88.765 ha, gelombang (2 – 15%) 834 ha, curam (15 – 40%) jembaré : 408 ha, sarta curam banget (>40%) jembaré :136 ha.
Dideleng saka lumahing segara (elevasi), wilayah Demak dumunung wiwit saka 0 m nganti 100 m saka lumahing segara. Déné dideleng saka tekstur lemahé, wilayah Kabupatèn Demak dumadi saka tekstur lemah alus (liat) jembaré 49.066 ha lan tekstur lemah sedheng (lempung) jembaré 40.677 ha.
Sacara administrasi, jembar wilayah Kabupatèn Demak ya iku 89.743 ha, dumadi saka 14 kecamatan, 243 désa lan 6 kelurahan. Minangka dhaérah agraris sing akèh-akèhé pedunungé urip saka tetanèn, sebagian gedhé wilayah Kabupatèn Demak dumadi saka lahan sawah sing jembaré nganti 48.947 ha, lan saluwihé ya iku arupa lahan garing. Miturut panggunaané sebagéan gedhé lahan sawah sing dipigunakaké aripa lahan pengairan tèknis 40,40%, tadhah udan (33,22%) lan setengah tèknis 12,85%. Déné lahan garing 35,395 dipigunakaké kanggo tegal kebun, 29,56% kanggo bangunan lan pekarangan, sarta 18,90 kanggo tambak.
Pemerentahan [sunting]
Kabupatèn Demak ketata saking 14 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Demak yaiku:
- Kecamatan Bonang
- Kecamatan Demak
- Kecamatan Dempet
- Kecamatan Gajah
- Kecamatan Guntur
- Kecamatan Karanganyar
- Kecamatan Karangawen
- Kecamatan Karangtengah
- Kecamatan Kebonagung
- Kecamatan Mijen
- Kecamatan Mranggen
- Kecamatan Sayung
- Kecamatan Wedung
- Kecamatan Wonosalam
Plesiran [sunting]
- Wisata Bahari Morosari, ing Bedono
- Masjid Agung Demak, ing Bintoro
- Makam Sunan Kalijaga, ing Kadilangu
- Makam Raden Patah, ing Bintoro
Panganan lan Ombenan [sunting]
Makanan dan Minuman khas Demak, yaitu:
- Nasi Ndoreng = Terbuat dari Nasi, Kuluban, Pelas (Botok).
- Wedang Pekak = Terbuat dari Jahe, gula jawa, gula pasir, jeruk purut, serai, kayu manis, pekak.
- Sengkulan = Terbuat dari Tepung Ketan, santan kanil, gula pasir, garam, pewarna makanan.
- Belimbing Demak (Averrhoa Carambola Kultivar Demak)
- Jambu Demak (Jambu Citra Delima)
- Botok Telur Asin
Potensi [sunting]
- Sentra Blimbing Demak, ing Betokan
- Sentra Jambu Demak, ing Tempuran
- Kasenian Batik Demak, ing Karangmlati
- Industri Krupuk, ing Ngaluran
- Industri Témpé, ing Bandungreja
Mangga Kapurih Ugi Mriksani [sunting]
Pranala Jaba [sunting]
Bali menyang: Jawa Tengah
|
|||||||
|
||||||||||||||||||
