Kécol

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Dinten tiyang Kécol utawi kidal, 13 Agustus 2002

Kécol utawi kidal inggih menika langkung asring ngginakaken asta kiwa.[1][2] Miturut téori kasehatan dipunjlentrehaken, bilih kécol utawi lefthanded inggih menika tiyang ingkang saben dintenipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan anggota gerakipun, tansah utawi asring ngginakaken asta kiwanipun lan ngraos sakeca tinimbang menawi ngangge asta tengen.[1] Kécol ugi asring dipungayutaken déning ahlinipun boten namung astanipun ananging ugi samparanipun, ananging menika kirang lazim, amargi samparan menika asringipun boten nggadhahi spesifikasi kiwa utawi tengen wonten ing saben aktivitas.[1] Ananging, wonten risét ingkang nyebataken bilih meh sedaya kasus asta kécol ugi wonten kacenderungan ngginakaken samparan kiwa, lan rata-rata sedaya menika sampun wonten wiwit lair.[1] Kécol ugi wonten ingkang dipunsebabaken amargi nggadhahi kepenginan nyinaoni piyambak lan kabiasaan.[1] Tiyang ingkang kécol biasanipun langkung kathah ngginakaken asta kiwa tinimbang tengenipun[2] ingkang sampun dados konsensus global wonten ing masalah etika kangge aktivitas penting ing saben dintenipun kados, nyerat, nyepeng, lan sanèsipun.[1] Wonten pamanggih bilih menawi kécol menika nerak angger-angger (aturan) lan kirang sopan.[1] Ananging, sejatosipun kécol menika sanès golongan cacat utawi kelainan kados limrahipun, ugi sanes kalebet penyakit.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h (id)Tangan Kidal Perlukah Diterapi? dipunundhuh tanggal 17 Agustus 2011)
  2. a b (id)Fakta Tentang Kidal dipunundhuh tanggal 17 Agustus 2011)

[sunting] Pranala Njawi

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kécol&oldid=657778"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès