Kèrsen
| Kersen | |
|---|---|
| Wit kersen | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Malvales |
| kulawarga: | Muntingiaceae |
| Genus: | Muntingia L. |
| Species: | M. calabura |
| Jeneng binomial | |
| Muntingia calabura L. |
|
Kèrsen yaiku buah cilik sing manis, nduwéni basa Latin Muntingia calabura L, ing wewengkon liya uga diarani Talok.[1] Ing sadhéngah papan ing Jakarta, woh iki uga diarani cèri.[1] Jeneng liyané yaiku datiles (Filipina) lan kerukup siam (Malaysia).[1] Uga misuwur minangka Singapore cherry (Inggris) lan Japanse kers (Belanda) yaiku negara asal jeneng kèrsen iki.[1] Ing Srilangka, Kersen padatan diawètaké lan digawé selai jam fruit.[1] Ing Mexico, padatan padha didol ing pasar-pasar.[1] Ing Asia Tenggara, woh iki akèh diprangguli ing pinggir dalan, mliginé wewengkon kang panas lan garing.[1] Kersen bisa urip ing sadhengah papan ing ngendi waé wit bisa urip.[1] Woh kersen uga disenengi déning kéwan-kéwan kaya lawa (kelelawar) sing jinisé Codot Krawar (Cynopterus brachyotis) , manuk Cabai Jawa, lan merbah cerucuk.[2] Saliyane seneng mangan woh kersen, kewan-kewan iki uga mèlu nyebaraké winih kersen saèngga kersen bisa urip ing sadhèngah papan.[1] Wit kersen iku ana sing cilik, uga ana sing ngrembuyung gedhé.[3] Sing gedhe bisa nganti 12 meter.[3] Godhonge tansah ijo royo-royo, ngembang, lan woh saben wektu.[3] Pang-pangé lurus ngrembuyung gawé adhum.[3] Ing pang cilik lan godhongé ana rambut-rambut tipis.[3] Godhong kersen kuwi miturut struktur nduwèni tulang menyirip, godhongé ora simetris lan pinggiré ora rata alus.[3] Kembangé ya ngrembuyung saben panggonan pojok pang watara 1-5 kembang.[3] Pange dawa, kelamin dua, lan wilangan 5, kelopak berbagi dalam, taju nglancip bentuk benang, nduweni rambut alus; mahkota bertepi rata, bunder ndhog kuwalik, putih tipis, gundhul, lk. 1 cm.[3] Benang sari akeh, 10 nganti 100 iji.[3] Kembang sing mekar kétok metu.[3] Wohé kira-kira gedhéné 1,5 cm. Yen mateng wernané abang lan legi.[3]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kandhutan Gizi
100 gram woh kersen ngandhut: Banyu (77,8 g, Protein (0,324 g), Lemak (1,56 g), Serat (4,6 g), Kalsium (124,6 mg), Fosfor (84,0 mg), Zat besi (1,18 mg), Karotin (0,019 mg) , Vitamin B1 (Tiamin) (0,065 mg), Riboflavin (0,037 mg), Niacin (0,554 mg), lan Vitamin C (Ascorbic Acid atau antioksidan) (80,5 mg).[4]
[sunting] Woh Kersen nduweni gizi sing akeh, mula nduweni kagunan, yaiku:
- Antiseptik utawa antibakteri.[4] Kanthi ngombe banyu godhogan godhong Kersen, bisa mateni bakteri-bakteri kang bisa marakake penyakit, antarane bakteri C. Diptheriae , S. Aureus, P. Vulgaris, S. Epidemidis, dan K. Rhizophil.[5] Godhong Kersen bisa dadi antiseptik amarga nduweni senyawa yaiku tanin, flavonoids dan saponin yang dimilikinya.[5]
- Antispasmodik (kejang ing saluran cerna amarga diare, gastritis)
- Ngurangi mumet
- Ngurangi pilek
- Anti diabetes. 50 – 100 g godhong kersen dikumbah lan digodhog nganggo 1 liter banyu nganti separone.[6] diombe sedina kaping pindho.[6] yen nggawe obate nganggo ekstrak godhong garing, 2 – 5 g dicampur 200 ml banyu anget.[6]
- Anti inflamasi (anti peradangan)
- Antitumor. Godhong Kersen nduweni senyawa flavonoid sing bisa ngurangi uripe sel kanker.[5]
- Anti Uric Acid (Asam Urat). Kanggo ngobati asam urat, woh Kersen dipangan sedian kaping telu, saben mangan 9 iji.[5]
[sunting] Cara nggawe Obat saka Godhong Kersen
50 – 100 g godhong kersen dikumbah lan digodhog nganggo 1 liter banyu nganti separone.[6] diombe sedina kaping pindho.[6] yen nggawe obate nganggo ekstrak godhong garing, 2 – 5 g dicampur 200 ml banyu anget.[6]
[sunting] Pranala njaba
- (en) Germplasm Resources Information Network: Muntingia calabura
- (en) USDA Plants ProBerkas: Muntingia calabura
- (en) Aratiles
- (en) Jamaican Cherry Tree
- (en) Pacific Island Ecosystems: Muntingia calabura
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e f g h i (id)URAT? SIRUP KERSEN MINUMANNYA(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
- ↑ (id)Manfaat Pohon Kersen (dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k (id).curvatech:Tanaman Kersen(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
- ↑ a b (id)(Ceri), Buah Pinggir Jalan yang Menyehatkan(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
- ↑ a b c d (id)Tanaman Liar Ampuh Atasi Berbagai Penyakit Dalam(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
- ↑ a b c d e f (id)Penyakit:Kersen(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)