Kèn Dèdès

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Arca Prajnaparamita ingkang kapanggih ing celakipun Candhi Singhasari minangka pawujudan Ken Dedes

Kèn Dèdès inggih punika garwanipun Kèn Arok pangadegipun Krajan Singhasari (Tumapel).[1] Lajeng panjenenganipun dipunanggep minangka leluhur para raja ingkang naté dados panguwasa wonten ing tlatah Jawa.[1] Kèn Dèdès ugi dados leluhur wangsa Rajasa, trah ingkang nguwasani Singhasari kaliyan Majapait.[1] Kèn Dèdès misuwur amargi panjenenganipun inggih punika tiyang wadon ingkang gadhah praupan ingkang ayu sanget.[1]

Trah Kèn Dèdès[besut | besut sumber]

Pararaton nyariosaken bilih Ken Arok saged nglèngsèraken Kertajaya rajanipun Kediri ing taun 1222 lan saged mardikakaken Tumapel dados karajan énggal.[2] Ken Arok inggih punika réwangipun Tunggul Ametung, nanging Ken Arok menjahi Tunggul Ametung amargi ngraos tresna kaliyan Kèn Dèdès.[2] Ken Arok lajeng krama kaliyan Kèn Dèdès.[2] Saking kramanipun kaliyan Ken Arok, Kèn Dèdès miyosaken Mahisa Wonga Teleng, Panji Saprang, Agnibhaya, lan Dewi Rimbu. Déné saking kramanipun kaliyan Tunggul Ametung, Kèn Dèdès kanugrahan putra satunggal ingkang namanipun Anusapati.

Kèn Dèdès ingkang Mirunggan[besut | besut sumber]

Kèn Dèdès pikantuk gelar Sang Nareswari. Nareswari inggih punika wanita ingkang ngandhut winih wayu ratu.[3] Ing dhiri Kèn Dèdès panci sampun dipunpesthèkaken kanggé ngasta aura panguwasa. Sinten kémawon ingkang saged anggarwa Kèn Dèdès, panjenenganipun saged nurunaken raja-raja ageng ing saindhenging tanah Jawi.[3] Aura panguwasa ingkang wonten ing dhiri Kèn Dèdès saéstu dipunsadhari déning Ken Arok, saéngga Ken Arok pados manéka warni cara supados saged anggarwa Kèn Dèdès.[3] Miturut sujarah, Kèn Dèdès kabukti sampun nurunaken narendra gung binathara mbaudhendha nyakrawati, inggih punika raja-raja ing karajan ageng Jawi.[3] Sedaya raja saking singasari lan Majapait inggih mrniks putra wayahipun Kèn Dèdès.[3]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Kepustakaan[besut | besut sumber]

  • R.M. Mangkudimedja. 1979. Serat Pararaton Jilid 2. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Ken Dedes Archived 2012-02-23 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 4 November 2012)
  2. a b c Sejarah Kediri-Singasari Archived 2012-05-29 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  3. a b c d e Ken Dedes Archived 2020-08-04 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 Fèbruari 2013)