Juwono Sudarsono
|
Juwono Sudarsono
|
|
|
Duta Besar RI untuk Inggris
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 2003 – 2004 |
|
| Pejabat sadurungé | Nana Sutresna |
| Pengganti | Marty Natalegawa |
|
|
|
| Mangsa jabatan 26 Oktober 1999 – 26 Agustus 2000 |
|
| Pejabat sadurungé | Wiranto |
| Pengganti | Mahfud MD |
| Mangsa jabatan 21 Oktober 2004 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Matori Abdul Djalil |
| Pengganti | Purnomo Yusgiantoro |
|
|
|
| Mangsa jabatan 21 Mei 1998 – 20 Oktober 1999 |
|
| Pejabat sadurungé | Wiranto Arismunandar |
| Pengganti | Yahya Muhaimin |
|
|
|
| Mangsa jabatan 17 Maret 1998 – 21 Mei 1998 |
|
| Pejabat sadurungé | Sarwono Kusumaatmadja |
| Pengganti | Panangian Siregar |
|
|
|
| Lair | 5 Maret 1942 (umur 71) Barat]], Masa Pendudukan Jepang |
| Kabangsan | Indonesia |
| Almamater | Universitas Indonesia London School of Economics and Political Science |
| Agama | Islam |
Juwono Sudarsono (lair ing Ciamis, Jawa Kilèn, 5 Maret 1942; umur 71 taun) inggih menika salah satunggalipun politikus Indonésia ingkang njabat Mentri Pertahanan awit 21 Oktober 2004 ngnatos dumugi 22 Oktober 2009.[1] Panjenenganipun menika Mentri Pertahanan kapisan ingkang kapilih saking golongan sipil.[2] Sadèrèngipun menika sadangunipun 40 taun, saking taun 1959 ngantos 1999, Mentri Pertahanan tansah dipunjabat déning kalangan militér.[2]
Panjenenganipun menika lulusan sarjana saking Universitas Indonesia lan Ph.D. saking London School of Economics and Political Science, London.[2] Panjenenganipun menika putranipun Soedarsono, tilas Mentri Dalam Negeri Indonésia nalika Kabinet Sjahrir II.[2]
Nalika wekdal pamaréntahanipun Présidhèn BJ Habibie wonten ing Kabinet Reformasi Nasional, Juwono Sudarsono njabat Mentri Pendidikan Nasional, lajeng nalika wekdal pamaréntahanipun Présidhèn Abdurrahman Wahid panjenenganipun pinitados dados Mentri Pertahanan (1999-2000).[2]
Panjenenganipun ugi dipunangkat dados Duta Besar Luar Biasa Berkuasa Penuh kanggé Inggris ngantos taun 2004.[2] Nalika tanggal 21 Oktober 2004 panjenenganipun dipunlantik minangka Mentri Pertahanan ing pamaréntahanipun Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono ngantos dumugi taun 2009.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)Juwono Sudarsono dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
- ^ a b c d e f g (id)Prof.Dr.Juwono Sudarsono dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
(id)Juwono Sudarsono