Juk (panganan)
Juk (죽) yaiku bubur kas Korea kang digawe saka bahan palawija kayata beras, kedelai, lan kacang lan wijen kang digodhog.[1][2] Bahan-bahan tambahan kanggo isi juk yaiku abalon, daging pitik, kacang pinus, janganan, ginseng lan iwak.[2]
Wong Korea mangan juk nalika isih anget, utamane nalika esuk yaiku minangka gantine sega.[2] Juk apik kanggo pencernaan amarga teksture alus.[2]
Tradisi masak juk wis suwe dtindakake dening wong Korea, nanging resep masakane lagi ditulis ing jaman Dinasti Joseon (1397-1910).[2] Wong ing mangsa Joseon masak juk kang wong tuwa ing wayah esuk yaiku ing istana lan omah-omah rakyat biyasa.[2] Ing mangsa atis kususe nalika dina dongji (titik walik mangsa atis), juk dimasak bareng kacang abang kang dipercaya bisa nundhung arwah ala kang gathing werna abang.[2]