Joy Tobing

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Joy Destiny Tiurma Tobing

Latar wuri
Jeneng Joy Tobing
Génré Pop
Pegawéyan Penyanyi
Taun aktif 1996–saiki
Label BMG Indonesia

Joy Destiny Tiurma Tobing (lair ing Jakarta, 20 Maret 1980; umur 32 taun) Dheweké kuwi penyanyi pop Indonésia, kang mulai kondhang sawisé sukses manangaké acara adu bakat Indonésian Idol kang kaping pisanan.[1] Ning babak final dheweké bisa ngalahaké Delon Thamrin utawa luwih kondhang karo jeneng Delon Idol.[1]

Ananging, kamenangan Joy berbuntut masalah liyané karo Fremantlemedia, kang dadi penyelenggara lesensi Indonésian Idol.[1] Masalahé, sakloron ora terima lan pada nyalahaké.[1] Fremantlemedia ora terima karo kalakuané Joy kang nglakoni rekaman tanpa dingerteni dening pihak Fremantlemedia.[1] Meski Joy ngungkapaké menawa rekaman album kuwi wis dilakukaké sadurungé dheweké dadi pamenang Indonésian Idol.[1]

Masalah kuwi akiré dibubaraké karo nglakukaké revisi kontrak kerjasama antara Joy lan Fremantle, utawa BMG, sahinggan juara kang kaping loroné Indonésian Idol, Delon olih kasempatan kanggo nglakoni kontrak-kontrak salanjuté.[1]

Ning pangalaman kariré, Joy wus ngrilis album-ambum kayata, album rohani lan Batak (Joy Record, Rhema Record, watara taun 1996 nganti taun 2003), Terima Kasih (BMG Indonésia nalika taun 2004), Rise (nalika taun 2005) lan Mujizat Itu Nyata (Rhema Records ning taun 2006).[1]

Joy bebrayanan karo Daniel Sinambela nganti cara Paraja yaiku nikah lan disahaké kanthi cara adat Batak, lan tanpa tandha sarujuk saka wong tuwa.[1] Nikahan kuwi dilaksanakaké nalika tanggal 1 Maret taun 2010 iki ngalami masalah amarga nalika nikah status Daniel diduga esih nikah karo Debora Anastasia Hutabarat. [1] Deborah akiré nglaporaké Joy lan Daniel maring pihak berwajib. [1]

Taun 2011, Joy ngurusi album anyaré.[2] Maski, dheweké uga disibukaké karo urusané bojoné kang lagi nan ning kunjara.[2] Album single utawa mini albumé diurus dening dheweké lan Pay.[2] Album iki bakal diisi 5 nganti 6 tetembangan, lan dheweké nyatakaké menawa dheweké wis siap main ning dunya hiburan maning.[2] Minimal taun 2011, dheweké siap gelut karo tantangan, gosip, lan fokus karo gawean.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k (id)biografi joy tobing dipununduh tanggal 16 Juli 2011
  2. a b c d e (id)Joy Tobing Siapkan Album Baru dipununduh tanggal 16 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Joy_Tobing&oldid=533136"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès