Joséph Lister
| Joseph Lister, 1st Baron Lister | |
|---|---|
Photograph 1902
|
|
| Miyos | 5 April 1827 Upton, Essex |
| Tilar donya | 10 Februari 1912 (umur 84) Walmer, Kent |
| Kabangsan | United Kingdom |
| Bidhang | Medicine |
| Lembaga | University of Glasgow University of Edinburgh University of London |
| Lulusan saking | University of London |
| Kaahlian | Surgical sterile techniques |
Joseph Lister lair taun 1827 ing Upton Inggris inggih menika salah satunggalipun ahli bedah ingkang nepangaken bab ngginakaken antiseptik.[1] Taun 1852 panjenenganipun pikantuk gelar dokter saking Universitas College London minangka mahasiswa ingkang nggadhahi prestasi ingkang sae. [2][1] Taun 1861 panjenenganipun dados ahli bedah ing griya sakit Kerajaan Glasgow ngantos wolung taun.[2] Wonten taun-taun menika Lister ngembangaken metodhe antiseptik wonten ing ilmu pambedahan. [2] Ing griya sakit menika, Lister nggadhahi tugas dados petugas operasi. Ing tugas menika, panjenenganipun kaget amargi “angka kematian” inggil sanget. [2] Lister nyobi madosi sebabibun.[2] Taun 1865, Lister maos koran ingkang isisnipun nepangaken teori penyakit kuman dening Louis Pasteur.[2] Sasampunipun maos, Lister pikantuk gagasan enggal. Menawi penyakit menika amargi kuman, mangka nyegahipun inggih menika kanthi mejahi kuman menika saderengipun nempel dhateng “luka”. [2] Kanthi ngginakaken Carbolik Acid, ingkang saged mejahi kuman. [2] Saderengipun nglaksanakaken bedah utawi operasi, Lister nyemprotaken “carbolic acid” wonten kamar operasi minangka antiseptik.[2] Asilipun sae sanget, “angka kematian” saged mandhap. Ing antawisipun taun 1861-1865, “angka kematian” tiyang jaler rata-ratanipun 45%, lan ing taun 1869 saged mandhap dados 15%.[2] Lister pikantuk kanugrahan ingkang maneka warni.[2] Panjenenganipun dados pandheganipun "Royal Society", lan dados dhokter pribadi Ratu Inggris. Panjenenganipun tilar donya ing Walmer, Inggris.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- (id) Joseph Lister