Jonathan Swift
| Jonathan Swift | |
|---|---|
| Lair | 30 November 1667 Dublin, Irlandia |
| Séda | 19 Oktober 1745 (umur 77) Irlandia |
| Pagawéan | satire, esai, penyair, pendeta |
Jonathan Swift (30 November 1667 – 19 Oktober 1745) iku sawijining pengarang klasik saka Negara Irlandia kang seneng ing bab politik lan Agama.[1] Nalika pisanan karangan-karangané isine pandangan politik bebas ing jamané.[1] Nanging, dhèwèké banjur dadi anggota aliran konservatif.[1] Jonathan uga duwé akèh musuh politik. Pepinginané supaya isa dadi pejabat dhuwur ing pamrintahan ora kasil.[1]
Amarga dhèwèké akeh anggone nyengkuyung perjuwangan bangsa Irlandia saka tulisan-tulisané kang mungsuhi kabijakan politik lan perdagangan bangsa Inggris, mula Jonathan didadekake pahlawan nasional ing Irlandia.[1] Para pengeritik duwé penemu amarga ngalami kekecewaan, Jonathan dadi wong kang gampang nesu lan bingungan.[1] Nanging ana uga kang nganggep Dhèwèké dadi wong kang idealis, berjuang kanggo kemerdekaan lan keadilan kanggo wong akèh.[2]
Swift biyèn sekolah ana ing Kilkenny Grammar School (1674-82), Trinity College ing Dublin (1682-89), lan nampa gelar B.A. ing taun 1686 lan M.A. ing taun 1692.[2]
Karyané kang misuwur yaiku Gulliver's Travels, A Modest Proposal, A Journal to Stella, The Drapier's Letters, The Battle of the Books, lan A Tale of a Tub.[2]