John Maxwell Coetzee
| John Maxwell Coetzee | |
|---|---|
| Lair | {{{birth_date}}} |
| Pagawéan | Novelis, Essayist, Kritikus literatur, Linguist |
| Kabangsan | Australia / Afrika Selatan |
| Pangaruh marang | Samuel Beckett, Ford Madox Ford, Fyodor Dostoevsky, Daniel Defoe, Franz Kafka, Zbigniew Herbert |
John Maxwell Coetzee (lair ing Cape Town, Afrika Kidul, 9 Februari 1940; umur 73 taun) yaiku penulis saka Afrika Kidul. Nalika tanggal 2 Oktober 2003 dheweke nampa kanugrahan Nobel ana ing babagan Sastra minangkani penulis ka-4 saka benua Afrika kang nampa kanugrahan kuwi.[1] Dheweke lair ing Cape Town, nalika lair jenenge John Michael Coetzee.[1][2] Jhon sekolah ana ing Universitas Cape Town, lan entuk gelar ana ing babagan matematika lan basa Inggris.[1][2][3] Nalika wiwitan taun 1960-an dheweke banjur pindah menyang [Inggris]], kanggo makarya dadi programer komputer.[2] Sakwise kuwi dheweke banjur sekolah sastra ana ing Universitas Texas, sakwise lulus Jhon mulang basa Inggris lan sastra ing Universitas Negeri New York, Buffalo nganti taun 1983.[1] Taun 1984 Jhon bali menyang Afrika Kidul kanggo dadi profesor sastra Inggris ana ing University of Cape Town.[1][2][3] Nalika pensiun yaiku taun 2002, dheweke banjur pindah menyang Adelaide, Australia. Ana ing Australia dheweke banjur nampa kanugrahan nobel ana ing Universitas Adelaide.[1][2][3] Jhon yaiku panulis pisanan kang nampa kanugrahan Booker Prize kaping loro: The Life and Times of Michael K nalika taun 1983 lan Disgrace nalika taun 1999.[2][3] Nanging dheweke ora duwe salah siji saka kaloron bukune kang menangake kanugrahan kuwi.[1] Sakliyane kanugraha Hadiah Nobel lan Booker Prize, Jhon uga tau nampa kanugrahan kang liyane.[1]
Bibliografi [sunting]
- Dusklands (1974) ISBN 0-14-024177-9
- In the Heart of the Country (1977) ISBN 0-14-006228-9
- Waiting for the Barbarians (1980) ISBN 0-14-006110-X
- The Life and Times of Michael K (1983) ISBN 0-14-007448-1
- Foe (1986) ISBN 0-14-009623-X.
- Boyhood: Scenes from Provincial Life (1998) ISBN 0-14-026566-X.
- Age of Iron (1990) ISBN 0-14-027565-7
- The Master of Petersburg (1994).
- Giving Offense: Essays on Censorship (1997) ISBN 0-226-11176-8
- Disgrace (1999) ISBN 0-09-928952-0.
- Youth (2002) ISBN 0-670-03102-X.
- Stranger Shores: Literary Essays, 1986-1999 (September 2002) ISBN 0-14-200137-6
- Elizabeth Costello (2003) ISBN 0-670-03130-5.
Pranala njawi [sunting]
- Landscape with Rowers : Poetry from the Netherlands, Princeton University Press, (2004) ISBN 0-691-11736-5.