John Logie Baird
John Logie Baird yaiku pelopor tipi.[1] Baird lair ing Helsenburgh, tlatah pesisir pante wetan Skotlandia, tanggal 14 Agustus 1888.[1] Bapake yaiku sawijining pendeta.[1] Kawit cilik, dheweke dikenal minangka bocah kang lara-laranan.[1]
Nanging dheweke kagolong bocah kang pinter ing babagan othak-athik barang elektronik.[2]Dheweke kasil anggone masang jaringan telepon ing kiwane kanca-kancane.[2] Sawise lulus saka sekolah menengah, dheweke nerusake sekolahe ing Glasgow University.[2] Ora suwe, dheweke mandeg anggone kuliyah amarga ana Perang Dunia 1.[2] Dheweke banjur kepengin gabung karo angkatan bersenjata. [2] Nanging niyate mau di tolak amarga dheweke ora patiya sehat. [2] Dheweke tau nyambut gawe ing perusahaan listrik Clyde Valley sadurunge dheweke ana ing Inggris saperlu muwiti bisnise. [2] Ing taun 1942, dheweke nyoba gawe piranti kang bisa ngirim gambar.[2] Nalika tanggal 26 januari 1926, dheweke mamerake tipine mau ing masarakat. [2] Tipi kang wiwitan isih nampilake gambar kang kemresek. [2] Ing perkembangane, sistem iki digantekake dening sistem elektrik kang bisa nampilake gambar kang luwih sampurna. [2] Nanging, wektu iku gambar kang diasilake mung gambar ireng putih. [2] Ing taun 1927, tipi wis bisa ngrembaka kanthi kemampuan jaringan luwih saka 438 mill antarane London nganti Glasgow.[2] John Loge Baird tinggal donya ing Bexhill tanggal 14 Juni 1946.