John Boyd Dunlop
John Boyd Dunlop yaiku bapak ban donya. [1]John Boyd Dunlop lair ing sawijining desa cilik yaiku ing Dreghome, Ayrshire, Skotlandia, tanggal 5 Februari 1840.[1] Wong tuwane nyambut gawe minangka tani.[1] Nalika isih cilik, dheweke seneng karo babagan peternakan, utamane ing perawatan lan pengobatan kewan ternak. [1]Mula, wong tuwane nyekolahake Dunlop ana ing Sekolah Kedokteran Hewan ing Edinurg.[1] Dunlop lulus saka sekolah Kedokteran Hewan nalika umure 19 taun. [1]Dheweke banjur manggon ana ing Belfast, Irlandia.[1] Ing kono dheweke mbangun reputasine kang suwene telung taun. [1]Pungkasane dheweke kasil anggone dadi wong kang misuwur. [1]Sejatine Dunlop dudu wong kang wiwitan nemokake ban amarga ban wis ditemokake dening Thomson, salah sawijining insinyur asal Inggris.[1] Nanging panemone Thomson ora bisa gawe wong dadi krasa kepenak nalika nganggo sawijining kendharaan.[1] Thomson gunakake lulang kewan minangka bahan dasare, mula ban mau dadi mati amarga ora ana panggonan angin.[1] Dunlop kasil anggone gawe ban kang ana isine angin, mula rasane kepenak. [1]
Ing sasi Februari taun 1888, dheweke kasil anggone gawe ban kang ana angine saka bahan karet. [2]Dheweke matenake panemone tanggal 7 Desember 1888. [2]Dunlop tinggal donya nalika tanggal 23 Oktober 1921. [2]