Jinten ireng
| Habbatussauda | |
|---|---|
| Nigella sativa (kiri) dan Nigella damascena (kanan) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Ranunculales |
| kulawarga: | Ranunculaceae |
| Genus: | Nigella |
| Species: | N. sativa |
| Jeneng binomial | |
| Nigella sativa Linn. |
|
Jinten ireng (nigella sativa) iku salah siji spèsiès saka genus Nigella kang nduwéni 14 spèsiès.[1] Tanduran iki kagolong family ranunculaceae.[1] 14 spèsiès kasebut antawisipun : Nigella Arvensis, Nigella Ciliaris, Nigella Damascena, Nigella Hispanica, Nigella Integrifolia, Nigella Nigellastrum, Nigella Orientalis, lan Nigella Sativa. [1]
Jinten ireng (nigella sativa) tanduran kang anduwèni manfaat kanggo obat [2]. Jinten ireng didadèkaké obat herbal saka tau 2000-3000taun sadurungé Masehi lan kacatet ning literatur kuna bab pengobatan biyèn, kayata Ibnu Sina (980-1037 M), lan Al-Biruni (973-1048 M),Al-Antiki, Ibnu Qayyim, Al-Baghdadi[3]. Dioscoredes (ahli pangobatan Yunani Kuno) ning abad kapisan Masehi uga migunakaké jinten ireng kanggo obat watuk[3].
Bab lan Paragraf |
Klasifikasi Jinten ireng(Nigela Sativa) [sunting]
Klasifikasi Nigella Sativa kaya ing ngisor iki. [1]
- Kingdom : Plantae
- Divisio : Magnoliophyta
- Class : Magnoliopsida
- Ordo : Ranunculales
- Family : Ranunculaceae
- Genus : Nigella
- Species : Nigella sativa
Asalé Jinten Ireng [sunting]
Wis luwèh saka saabad jinten ireng digunakaké menungsa ing Asia, Timur Tengah, lan Afrika kanggo babagan keséhatan.[4] Jinten ireng asliné saka negara-negara Mediterania, lan dikembangbiaké ing Mesir lan Siria. [5] Saiki jinten ireng wis kasebar ing ngendi-endi, kalebu Arab Saudi, Afrika lor, lan Asia.[5] Miturut cerita jinten ireng dianggep penting ing jaman Mesir Kuna.[5] Ning Arab jinten ireng wis ana saka 2000 tahun kepungkur. [4] Jinten ireng digunakaké kanggo ngobati lara untu, pilek, lan nyeri sendi.[4]
Khasiaté Jinten Ireng [sunting]
Jinten ireng kang enak kanggo bumbu masak anduwèni khasiat, kayata:
- Ningkataké kekebalan tubuh[6].
- anduwèni efek anti histamin, anti-oxidant, anti-biotic, anti-mycotic lan ngambat bronchitis[6].
- Jinten ireng anduwèni sterol, uga beta-sitosterol, kang bisa dadi anti kanker[6].
- Jinten ireng uga isa ndandani mikro perédaran darah kang tumuju utek, mula jinten ireng pas kanggo bocah cilik lan wong tuwa.[7]
- Lenga lan sariné dipercaya isa ngobati penyakit kang ana hubungané karo pernapasan, percernaan, lambung, lever, lan isa kanggo njaga nambah kasehatan.[4]
- Ngandung protein, karbohidrat, Asam Lemak Esensial, vitamin A, B1, B2, C lan Niacin uga mineral, kayata calcium, potassium, iron, magnesium, selenium, magnesium lan zinc[6].
- Ngalusaké pasuryan merga anduweni antioksidan kang bisa anggawe kulit seger[8]
- Jinten ireng ngandhut asam linoleat (omega 6) lan asam linoleat (omega 3), mula jinten ireng isa dadi nutrisi kanggo utek supaya nambah kekuatan pikiran lan kapinteran.[7]
- Jinten ireng ngandhung saponin kang isa netralké lan ngresikaké racun ing jero awak.[7]
- Jinten ireng uga isa digunakaké kanggo obat anti tumor.[9] Ing kongrès kangker internasional ing New Delhi, jinten ireng di teliti isa ngrangsang sumsum balung lan sel kekebalan.[9] Senyawa ing jeroné isa ngajurké sel-sel tumor lan ningkatké antibodi.[9]
Jeneng Liyan [sunting]
- Black seed[3],
- Natura seed[3],
- Black cumin[3],
- Nigella sativa[3],
- Kaluduru[3],
- Kalonji (Hindi)[1],
- Kezah (Hebrew)[1],
- Chamushka (Rusia)[1],
- Habbatus Sauda’ (Arab)[1],
- Siyah daneh (Persian)[1],
- Fennel Flower / Black Carraway / Nutmeg Flower / Roman Coriander / Black Onian Seed (English)[1],
- atawa Jintan Hitam (Indonesia). [1]
|
||||||||
Delengna Uga [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k (id)jintan hitam
- ^ khasiat dan manfaat habbatussauda jinten hitam/blackseeddipununduh tanggal 16 April 2011
- ^ a b c d e f g konsultasi sehat jinten-hitamdipununduh tanggal 16 April 2011
- ^ a b c d (id)khasiat jinten ireng (diundhuh tanggal 24 Februari 2011)
- ^ a b c (id)jinten hitam obat segala penyakit (diundhuh tanggal 24 Februari 2011)
- ^ a b c d forum kompas dipununduh tanggal 16 April 2011
- ^ a b c (id)khasiat habbatus sauda (jinten hitam)
- ^ m.vivanews.comdipununduh tanggal 16 April 2011
- ^ a b c (id)jintan hitam (diundhuh tanggal 26 Februari 2011