Jeotgal
Jeotgal yaiku jinis panganan fermentasi kas Korea kang digawe saka pirang-pirang jinis produk laut kayata iwak, kerang, lan urang.[1][2] Jeotgal difermentasekake nganggo uyah mula rasane asin.[1] Lingkungan semenanjung Korea diubengi dening lautan kang dadi papan panggonan pertemuan arus panas lan atis mula cacah lan jinis produk laut werna-werna.[1] Saliyane nyambut gawe minangka petani, wong Korea uga dadi nelayan nalika mangsa tandur durung dimulai.[1] Sejarah jeotgal wis ana kawit zaman kerajaan Silla lan ing teks sejarah tinulis yen raja kang ngawini sawijining wanita bakal menehi jeotgal marang maratuwane minangka hadhiah.[1] Ing jaman Dinasti Goryeo lan Joseon, produk jeotgal luwih akeh lan bervariasi tinimbang saiki lan lan dadi lawuh penting ing meja mangan nalika kuwi.[1] Jinis-jinis produk laut kang bisa digawe dadi jeotgal yaiku urang, teri, kerang, cumi-cumi, croaker, pollack, urang cilik, gurita, conch, hairtail lan liya-liyane.[1] Metode kanggo ngawetake uga werna-werna nanging umume sawise sesasi utawa luwih diawetake, jeotgal olih dipangan.[1] Nalika dimakan, jeotgal diwenehi bawang perai utawa bawang putih kanggp nambahi rasane.[1] Saliyane kuwi uga bisa dipangan bareng kimchi atau janganan.[1] Jeotgal kerep dadi bahan kang ditambahake ing godhogan (jjigae) lan sup (guk).[1]