Jeok
Jeok yaiku jinis panganan daging panggang (sejenis kebab) kas Korea kang kang disunduki kaya sate.[1] Senajan padha karo jinis pangana kang dipanggang kayata bulgogi lan galbi, istilah jeok mung kanggo jinis daging kang dipanggang nganggo sundhuk sate, ora tergantung karo jenis daginge.[1][2] Jeok ateges panganan kang dipanggang ing dhuwur geni lan disunduki nganggo sundukan.[1] Catetan kang wiwitan ngenani jeok ana ing dokumen Cina kuno kang nyebutake yen ing dina istimewa, bangsawan Cina bakal disuguhi masakan jeok dening wong Korea.[1] Jeok disusun saka kethokan daging, jamur lan janganan kang ditusuk lan dipanggang ing dhuwur geni.[1] Jeok biyasa dinikmati ing dina-dina kusus kayata acara perkawinan lan pesta ulang tahun kaping 60 (hwangap).[1] Variasi jeok ing antarane yaiku sanjeok, hwayangjeok, nureunjeok, kang dibumbui banjur dipanggang lan tusukan.[3][4]
Delengen uga [sunting]
Cathatan suku [sunting]
- ^ a b c d e f An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. pp. 59. ISBN 89-8546-98-1.
- ^ (en)Bulgogi or Neobiani (broiled beef), triptokorea. Diundhuh 8 Juni 2010.
- ^ (en)Main meal, side dish, foodinkorea. Diundhuh tanggal 8 Juni 2010.
- ^ (en)Hwayangjeok(화양적), kbs.co.kr. Diundhuh tanggal 8 Januari 2011.