Jean Piaget
| Filosofi Kilèn Filosofi Abad 20 |
|
|---|---|
|
Jeneng |
Jean Piaget |
|
Lair |
9 Agustus 1896 |
|
Pati |
16 September 1980 |
|
Aliran/tradisi |
|
|
Gagasan wigati |
|
Jean Piaget [ʒɑ̃ pjaˈʒɛ] (lair ing Neuchâtel, Swiss, 9 Agustus 1896 – tilar donya 16 September 1980 kanthi yuswa 84 taun) inggih menika satunggalipun filsuf, ilmuwan, lan psikolog perkembangan Swiss, ingkang misuwur amargi panjenenganipun sampun neliti bab teori perkembangan kognitif bocah-bocah.[1] Miturut Ernst von Glasersfeld, Jean Piaget ugi kalebet Perintis ageng wonten ing teori konstruktivis bab pengetahuan.[1] Karyanipun Piaget ingkang menika kathah dipunkutip wonten ing pembahasan ngenani psikologi kognitif.[1] Karyanipun Piaget kathah dipunkutip wonten ing pembahasan babagan psikologi kognitif.
Wiwitanipun [sunting]
Piaget dipunlairaken ing Neuchâtel ing wewengkon Swiss ingkang ngangge basa Perancis.[2] Ramanipun, Arthur Piaget, inggih menika satunggalipun profesor sastra Abad Pertengahan ing Universitas Neuchâtel.[2] Piaget kalebet lare ingkang nyanthelan lan nggadhahi minat ing ilmu biologi lan ilmu pengetahuan alam, utaminipun bab moluska (kerang-kerangan), lan sampun nerbitaken makalah saderengipun Piaget lulus SMA.[2] Karieripun ing bidhang ilmiah dipunwiwiti nalika yuswanipun nembe 11 taun, kanthi dipuntebitaken makalah cekak ing taun 1907 babagan manuk gereja albino.[2] Piaget pikantuk gelar Ph.D. wonten ing ilmu alamiah saking Universitas Neuchâtel, lan nate sinau ing Universitas Zürich.[2] Ing wekdal semanten, Piaget nerbitaken kalih makalah filsafat.[2] Paiget nggadhahi minat dhateng psikoanalisis, satunggalipun aliran pemikiran psikologi ingkang ngrembaka ing wekdal semanten.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.