Jean-François Champollion
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Jean-François Champollion (23 Desember 1790 – 4 Maret 1832) iku sawijining ngèlmuwan klasik, ahli filologi lan ahli orièntalis Prancis.
Champollion dadi misuwur amerga dhèwèké bisa mbabar hièroglif kuna Mesir adhedhasar karyané para pendahulu-né: Athanasius Kircher, Silvestre de Sacy, Johan David Akerblad, Thomas Young, lan William John Bankes. Champollion bisa mertal sawetara bagéyan saka Prasasti utawa Watu Rosetta ing taun 1822. Dhèwèké bisa nuduhaké yèn Basa Mesir iku pancèn mèmper Basa Koptik lan uga yèn sistém panulisané iku kombinasi antara tandha-tandha fonétik lan idéografik.