Jaringan (Biologi)
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jaringan iku sakumpulan sèl kang duwé rupa lan fungsi padha. [1] Jaringan ing kéwan iku ana:
- Jaringan épitèl, jaringan iki duwé fungsi kanggo ngelapisi bolongan utawa rongga lan ing saluran awak. Jaringan iki mbentuk kulit kang mbungkus awak. [1]
- Jaringan ikat, jaringan iki fungsiné kanggo naléni lan nghubungaké jaringan[1]
- Jaringan rangka/balung, jaringan iki kanggo nyokong, ngelindhungi awak, lan dadi alat obahé menungsa. [1]
- Jaringan Getih, fungsi jaringan iki yaiku kanggo ngédharaké zat panganan lan oksigén, uga ngangkut lewihan métabolisme mara alat pengeluaran. [1]
- Jaringan Saraf, jaringan iki fungsiné kanggo sistem koordhinasi lan nerusaké rangsang (stimulus) [1]
- Jaringan Otot, jaringan iki fungsiné kanggo ndhukung fungsi owah[1]
- Jaringan Épitél, jaringan iki fungsiné padha baé karo jaringan épitél ing kéwan[1]
- Jaringan Mésofil, fungsiné kanggo gawé panganan ing prosés fotosintésis[1]
- Jaringan Parénkim (dilengkapi plastida) Plastida kang ora kena srengéngé kanggo cadhangan panganan lan kang kena srengéngé kanggo fotosintésis. [1]
- Jaringan Pembuluh, Jaringan pembuluh iki ana loro jinisé yaiku Xilém lan Floém. [2] Xylem duwé fungsi kanggo ngangkut banyu lan uyah mineral saka oyod mara godhong. [2]
- Jaringan Sklérénkim, kanggo nyokong lan nguatakéawaké tanduran[2]
- Jaringan Méristem kanggo ngasilaké sél-sél anyar kanggo pertumbuhan[2]