Jangot
Jangot (장옷) yaiku jinis sandhangan jaba kang digunakake dening wanita Korea ing mangsa Dinasti Joseon minangka kerudung kanggo nutupi rai.[1] Jangot padha karo durumagi, jubah njaba hanbok.[1] Nanging bedane, jangot duweni gulon (git) lan pita pangiket (goreum).[1] Gulon jangot bentuke simetris kanthi pucuk kang pungkasane ing tengah dada duweni pita ing sisih kiwa lan engenkang ora ditalèkaké, ananging dicekel dening panganggone.[1] Wanita nggunakake sandhangan iki kanggo nutupi awake lan mung ngatonake rai.[1] Miturut adat Konfusianisme ing mangsa Dinasti Joseon, wanita dipenging ngatonake raine marang wong lanang asing, dadi dheweke mau padha ndelékake rai kanti pirangpirang cara nalika metu saka omah.[1] Umume kang nggunakake jangot yaiku kaum wanita bangsawan (yangban).[1] Jinis penutup rai liyane kang digunakake ing mangsa kuwi yaiku sseugaechima utawa kerudung kang mèmper rok (chima).[1][2] Sseugaechima luwih ciyut lan endek dibandingake jangot lan digunakake padha kaya jangot.[1]