Jangajji
Jangajji utawa janggwa yaiku jinis panganan fermentasi kas Korea kang digawe saka pirang-pirang jinis janganan kanthi nggunakake pasta kacang kedelai (doenjang), kecap (ganjang), lan pasta lombok (gochujang).[1][2] Kanthi gawe jangajji, janganan kang difermentasekake bakal duweni rasa kang pada karo sadurunge difermentasi.[1] Pirang-pirang jinis janganan digunakake kanggo gawe acar iki kecuali janganan kang ngandut banyu akeh lan sithik selulosa.[1] Bumbu-bumbu kang digunakake kanggo menehi rasa jangajji ing antarane yaiku bawang putih, godhong wijen, timun, lobak, lombok ijo, lan oyot-oyotan.[1] Biyen, nalika masarakat Korea isih kangen ngntokake jangana ing mangsa atis amarga ora ana tanduran pangan kang thukul, muls wong-wong mau nyimpen asil janganan panen kanthi difermentasekake dadi jangajji supaya nutrisi lan rasane ora ilang.[1] Nalika kuwi jejibahane wong wadon kang wis kawin gawe jangajji demi nyukupi nyukupi panganan ing mangsa atis.[1] Jangajji dipangan nganggo sega lan kandutan nutrisine wis cukup yaiku selulosa, mineral lan vitamin.[1] Nalika kuwi, jangajji wis jarang dipangan amarga sansaya akeh janganan kang ana lan janganan jang difermentasekake kanggo kebutuhan ing mangsa atiswis ora wigati maneh.[1]