Jang Seung-eop
Jang Seung-eop (1843-1897) utawa Owon yaiku sawijining pelukis kang asale saka Dinasti Joseon, Korea.[1] Jang kang luwih dikenal kanthi jeneng pena Owon minangka salah siji saka 4 pelukis Korea yaiku, Kim Hong-do, Jeong-seon lan An Gyeon.[1] Jang Seung-eop minangka pelukis kang dikenal ngenani gaya uripe kang eksentrik.[1]
Jang yaiku anak yatim kang mlarat, nanging kanthi tetulunge Yi Eung-heon, sawijining pejabat istana kang nemokake bakat nglukise, Jang bisa ngsokake kaprigelane ing bidhang lukis.[1] Amarga senengane mendem omben-omben, dheweke kerep entuk masalah.[1][2]
Bakat nglukise dingerteni dening Raja Gojong lan dheweke dikongkon supaya nglukis sekat ruangan kang kasusun saka 10 panel.[1] Nanging amarga senengane mendem, dheweke nyepelekake tugas mau lan pungkasane diwenehi ukuman abot.[1] Sawijining menteri kanthi aran Min Yeong-hwan (1861-1905) nulung Jang lan jaluk raja supaya menehi kalodhangan sepsan maneh marang dheweke.[1] Sawise rampung nglukis lan nampa bayaran, Jang lunga ana kedai ombenan lan ngentekake kabeh bayarane.[1] Jang Seung-eop dianggep nglukis lukisan kang paling endah nalika lagi mendem lan diubengi dening wanita-wanita ayu kang ngesokake omben-ombenane mau.[1] Uripe kang entèng tanpa beban ndadekake dheweke ora mikirake kadonyan kayata kekuwasaan, pamor, kabekjan lan asil karyane dhewe saengga lukisane duweni nile artistik murni lan alami.[1] Jang Seung-eop meninggal ing taun 1897 nalika umur 55 taun amarga penyebab kang ora dingerteni.[1]
[sunting] Kutipan misuwur
| Kelahiran lan kepaten kaya awan-awan kang mabur, mula ing kono kang paling apik kanggo golek papan panggonan kang endah kanggo delik. Apa gunane oyok-oyokan lelaran, kepaten, lan panguburan? |
[sunting] Cathetan suku
|
|
|
|---|---|
| Kim Hong-do | Jeong Seon | An Gyeon | Jang Seung-eop | |