Jamur tiram
| Jamur tiram | |
|---|---|
| Jamur tiram | |
| Status konsèrvasi | |
|
Status konsèrvasi: Aman
|
|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| filum: | Basidiomycota |
| kelas: | Homobasidiomycetes |
| ordo: | Agaricales |
| kulawarga: | Tricholomataceae |
| Genus: | Pleurotus |
| Species: | P. ostreatus |
| Jeneng binomial | |
| Pleurotus ostreatus Champ. Jura. Vosg. 1: 112, 1872 |
|
Jamur tiram (Pleurotus ostreatus) menika salah setunggaling jamur pangan saking klompok Basidiomycota.[1] Jamur tiram kalebet kelas Homobasidiomycetes. [1] Jamur tiram nggadhahi ciri-ciri umum wohipun awarni pethak nganti krèm saha tudhungipun nggadhahi wangun kados setengah bunderan mèmper cangkok tiram kanthi bagéyan tengah radi cekung.[1] Jamur tiram taksih nggadhahi kerabat kaliyan Pleurotus eryngii saha asring dipunwastani kanthi nami King Oyster Mushroom.[1]
Jamur tiram nggadhahi tudhung ingkang saged owah werninipun.[1] Saged awarni cemeng, klawu, coklat, ngantos pethak.[1] Bagéyan njawinipun alus saha lunyu kanthi dhiameter 5-20 cm, Bagéyan pinggir tudhung mulus saha nggadhahi lekukan sakedhik-sakedhik.[1] Jamur tiram nggadhahi spora kanthi wangun batang saha nggadhahi ukuran 8-11×3-4μm.[1] Miselium ingkang wonten ing jamur tiram awerni pethak saha saged tuwuh kanthi cepet.[1]
Wonten ing alam bébas, jamur tiram saged dipuntingali saben taun wonten ing wana pagunungan ingkang nggadhahai hawa ingkang sejuk.[1] Woh jamur tiram katingal tumpuk-tumpukan wonten ing sanjawinipun wit kang sampun kropos utawi pokok batang tetaneman ingkang sampun dipuntegor.[1]
Pambudidayan jamur tiram biyasanipun kanthi medhia tanem bledhegan utawi serbuk graji.[1]
Kejawi saged dipunginakaken kanggé campuran masakan, jamur tiram kalebet bahan baken obat statin.[1] Jamur tiram saged mejahi saha nyerna nematoda ingkang tujuwanipun supados pikantuk nitrogen.[1]
Jamur tiram kathah jinisipun ingggih menika tiram pethak, tiram coklat, tiram abrit.[2]