James T. Russell
James T. Russell yaiku penemu Compact Disc (CD).[1] CD yaiku sawijining piranti elektronik.[1] Musik, film, lan data tulisan bisa disimpen ana ing CD. [1]
James T. Russel lair ing Bremerton, Washington, Amerika Serikat ing taun 1931.[2] Kawit cilik, dheweke dikenal minangka bocah kang duweni semangat kanggo nyiptakake sawijining piranti kang bisa menehi manfaat kanggo manungsa.[2] Nalika umur 6 taun, dheweke kasil anggone gawe remote control kanggo dolanan kapal perange kanthi nagnggo wadah segone. [2]Dheweke sekolah ana ing Reed Collage, Portland, Amerika Serikat.[2] Elmu kususe yaiku elmu fisika.[2] Dheweke uga kasil anggone entuk gelar BA.[2] Sawise dheweke lulus kuliyah ing tun 1953, dheweke nyambut gawe minangka fisikawan ing perusahan General Electric ing Richland, Washington.[2] Ing kene dheweke kepingin ngawiti panaliten kanggo gawe CD.[2] Taun 1970, dheweke kasil anggone gawe CD.[2] Dheweke kasil anggone golek cara kanggo nyimpen data ing jero piringan sensitive cahya. [2]Data iki dimodelake ing sawijining bit cahya kang cilik banget, kira-kira 1 mikron. [2]Sawijining sinar laser bakal maca struktur bit cahya iki, banjur komputer bakal ngubah data mau ing sinyal elektronik.[2] Asil temuan iki luwih apik tinimbang piringan ireng kang misuwur ing wektu iku.[2] Banjur dheweke matenake panemone mau. [2]
