Jambu kluthuk
| Jambu kluthuk | |
|---|---|
| Woh jambu kluthuk | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiospermae |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Rosids |
| ordo: | Myrtales |
| kulawarga: | Myrtaceae |
| Subkulawarga: | Myrtoideae |
| Suku: | Myrteae |
| Genus: | Psidium |
| Species: | P. guajava |
| Jeneng binomial | |
| Psidium guajava L. |
|
Jambu kluthuk (Psidium guajava) iku tanduran tropis sing asalé saka Brazil, disebaraké ing Indonésia liwat Thailand. [1]. Jambu kluthuk wohé werna ijo kanthi daging woh werna putih utawa merah lan rasané kecut-legi. Woh jambu kluthuk ditepungi ngandhut akèh vitamin C.[1]. Kasebaré jambu wiji kajaba ing Indonèsia kanthi tekan ing Asia Selatan, India dan Srilangka [2]. Jambu biji kalebu tanduran perdu lan duwéni akèh pang lan ranting; bonggol wité atos[2]. Permukaan kulit jaba wit jambu wiji wernané coklat lan lunyu [2]. Yèn kulit kayu jambu wiji kuwi dikelupas, bakalan katon permukaan bonggolé kayu kang isih teles[2]. Bentuk godhongé kang umum coraké bundher endhog kanthi ukuran kang rada gedhé[2]. Kembangé cilik-cilik, wernané putih lan muncul saka walik kèlèk godhong[2]. Tandhuran iki bisa urip kanthi subur ing dhaérah dataran endhèk kanthi ing ketinggian 1200 meter ing dhuwuré dhasar segara[3]. Ing umur 2-3 tahun jambu wiji wis mulai woh [3]. Bijiné akèh lan ana ing daging wohé [3].
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kembangé
Ora patia akèh ngandhut tanin[3].
[sunting] Godhong
Godhong jambu wiji tua jebulé ngandhut manéka komponen kang khasiat kanggo ngatasi penyakit demam berdarah dengue (DBD) [4]. Kelompok senyawa tanin lan flavonoid kang dinyatakaké minangka quersetin ing sajroning ekstrak godhong jambu biji bisa ngambat aktivitas enzim reverse trancriptase kang artiné ngambat tumbuhé virus intiné RNA [4]. Jambu biji uga ngandhut zat liyané, kajaba tanin, yaiku [2]:
- Minyak atsiri [2].
- Asam ursolat [2].
- Asam psidiolat [2].
- Asam kratogolat [2].
- Asam oleanolat [2].
- Asam guajaverin, lan [2].
- Vitamin, kayata : Vitamin A 25 SI, Vitamin B1 0,02 mg, lan Vitamin C 87 mg [2].
- Woh jambu biji (100 gr) [2].
- Kalori 49 kal [2].
- Kalsium 14 mg [2].
- Hidrat Arang 12,2 gram [2].
- Fosfor 28 mg [2].
- Besi 1,1 mg [2].
- Protein 0,9 mg [2].
- Lemak 0,3 gram [2].
- Banyu 86 gram [2].
[sunting] Kultivar
Sapérangan jinis/kultivar jambu kluthuk ditepungi ing Indonésia, sebagéyan ditepungi kawit biyèn, sebagéyan arupa introduksi saka negara liya.
- Jambu pasarminggu
- Jambu pasarminggu duwé rong varian: daging woh putih lan abang. Sing dagingé putih, ditepungi minangka jambu 'susu putih', luwih disenengi amarga rasané legi, daging wohé rada kandel, lan teksturé lembut. Sing daging wohé abang kurang disenengi amarga wohé cepat bosok lan rasané kurang legi. Kulit wohé tipis werna ijo semu kuning yèn mateng. Wangun wohé rada lonjong kanthi bagéyan pucuk mbulat, éwadéné bagéyan bongkot luncip. Jambu pasarminggu arupa ras lokal.
- Jambu australia
- Jambu kluthuk australia diintroduksi saka Australia. Kekhasané yaiku godhongé werna abang semu ungu. Senadyan wohé bisa dipangan, biasané wong nandur ing pekarangan luwih minangka tetanduran hias. Wohé legi yèn wis mateng, nanging tawar yèn durung mateng.
- Jambu sukun
- Tembung "sukun" ateges "ora ana wijiné". Jambu variétas unggul iki pancèn ora duwé wiji; menawa ana mung 2-3 wiji. Daging wohé putih rada kuning kanthi rasa legi rada kecut. Teksturé rada atos, renyah, lan aromané wangi. Wangun wohé mèmper apel, kanthi ukuran dawa antara 4-5 cm. Kulit wohé yèn mateng wernané ijo rada putih. Jambu sukun bisa produksi terus-terusan sakwéné setaun, senadyan rélatif sithik. Senadyan mangkono, jinis jambu iki rélatif tahan marang serangan ama lan penyakit.
- Jambu bangkok
- Jambu bangkok arupa sebutan kanggo jambu kluthuk kanthi woh sing gedhé. Sapérangan pancèn diintroduksi saka Thailand. Salah sijiné yaiku 'jambu sari'. Wangun wohé bulet sampurna kanthi garis tengah watara 10cm. Ukuran woh mentahé luwih gedhé tinimbang nalika mateng.
[sunting] Panangkaran
Jambu bisa ditangkaraké kanthi wiji. Senadyan mangkono, panangkaran kanthi cara iki ora disenengi amarga tuwuhé suwé anggoné diwasa lan uga bakal owah sipat saka indhuké. Panangkaran sing saiki dilakokaké yaiku sacara vegetatif, khususé kanthi cara cangkok.
[sunting] Kagunan
[sunting] Kagunan non-pangan
Godhong jambu kluthuk ditepungi minangka bahan obat tradhisional kanggo watuk lan diare. Jus jambu kluthuk "bangkok" uga dianggep duwé kasiyat kanggo mbantu sarasing panandhang demam berdarah dengue.
[sunting] Keséhatan
- Mudhunaké Kolesterol
Paédahé pektin kuwi mudhunaké kolesterol kanthi cara ngiket kolesterol lan asam empedu ing awak uga biyantu ngetokaké [5]. Penelitian kang dilakoni Singh Medical Hospital and Research Center Morrabad, India, nunjukaké yèn jambu wiji dapat menurunkan kadar kolestreol total dan trigliserida darah serta tekanan darah pada penderita hipertensi [5].
Jambu wiji mateng lan mengkal 3 dikumbah kanthi resik [5]. Jambu kang wis mateng diblender kanthi alus banjur disaring saèngga èntuk jus jambu biji[5]. Jus jambu wiji diombé kaping 3 sedina kanthi DBD mari. Woh kang mengkal dipangan langsung karo kulité[5]. Wiji woh ora perlu dipangan[5].
6 lembar godhong jambu wiji dikumbah kanthi resik banjur ditumbuk sinambi diwènèhi 1 cangkir banyu mateng, peres, ombé banyuné [5].Cukup kanggo diombé kaping 2 sedina [5]. Ombé banyu peresané [5]. Lakoni saben dina kanthi teratur, kanthi mari [5]
8 lembar godhong jambu wiji dikumbah kanthi resik banjur digodhog nganggo 1,5 liter air [5]. Ombé banyu peresané kaping 3 kali sedina [5].
Siapaké oyot godhong jambu wiji sacukupé lan godhong jambu 10 lembar [5]. Kethok-kethok oyot lan godhongé, kumbah kanthi resik lan godhog nganggo banyu sacukupé kanthi 20 menit ing suhu 90 derajat Celsius[5]. Saring banyuné mau banjur Ombé sacukupnya kanthi teratur nganti keluhan ilang[5].
3 pucuk godhong jambu wiji dikumbah, kunyah kanthi lembut[5]. Tempelaké ing tatu [5]. Kandhutan astringent-né bisa ngendhegaké perdarahan[5].
2 genggem godhong jambu wiji nom lan 7 lembar godhong suruh dikumbah, godhog karo sagelas banyu, saring[5]. Entèni supaya adhem banjur Ombé [5]. Cukup kanggo dOmbé kaping 2 sedina [5].
[sunting] Rujukan
- ↑ a b (id) [Sofyan Tsauri. 2005. Ramuan Tradisional Madura. Jakarta:Penebar Swadaya]
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w (id) diundhuh tanggal 30 Mei 2011
- ↑ a b c d (id) diundhuh tanggal 28 Mei 2011
- ↑ a b (id) diundhuh tanggal 30 Mei 2011
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (id) [1]