Jali
| Jali | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Poales |
| kulawarga: | Poaceae |
| Genus: | Coix |
| Species: | C. lacryma-jobi |
| Jeneng binomial | |
| Coix lacryma-jobi L. |
|
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
Jali (Coix lacryma-jobi L.), iku jenis tanduran wiji-wijinan (serealia) tropika saka suku padi-padian utawa Poaceae (Gramineae). Asale saka Asia Wetan lan Malaya nanging saiki wis kasebar ing sakabehing panggonan ing donya. Pirang-pirang varietas duweni wiji kang bisa dipangan lan bisa dadi sumber karbohidrat lan obat. Bulir kang mateng kabungkus struktur kang atos, wujude oval lan awarna putih.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jeneng Liya
- Sansekerta: Vyjanti beads
- China: The plants are called chuān gǔ (川谷) or yì yǐ (薏苡). The grains are called yì rén (薏仁).
- Vietnam: bo bo, hột bo bo (hột meaning "seed"), cườm gạo, or ý dĩ (derived from the Chinese 薏苡)
- Jepang: juzudama (数珠玉 or ジュズダマ) or hatomugi (鳩麦 or ハトムギ)
- Korea: yulmu (율무) in [1]
- Malaysia: bali
- Thailand: luk dueai (ลูกเดือย)
- Inggris Job's tears
[sunting] Kandhungan lan Mupangate
Ana rong varietas kang biyasa ditandur, yaiku Coix lacryma-jobi var. lacryma-jobi kang duweni cangkang (pseudokarpium) atos awarna putih, wujude oval, lan dienggo minangka manik-manik. Coix lacryma-jobi var. ma-yuen dipangan wong lan uga dadi bageyan saka tradhisi pangobatan Tiongkok.
Wiji jali duweni kandhungan kimia asam amino, coixol, coixenolide, lan coicin. Dene oyode duweni kandhungan kimia coixol, asam palmitat, asam srearat, betha lan gama-sitosterol, potasium khlorida, glukosa, asam amino, tajin, phytin, lan vitamin B1. Oyod jali duweni rasa legi lan tawar minangka antiradhang lan peluruh kemih. Wijine uga duweni rasa legi lan tawar minangka antiradhang, peluruh kemih, lan penyerapan. Oyod jali bisa dienggo obar rematik, aboh, infeksi lan batu saluran kemih, keputian, abses paru, lan lara kuning utawa hepatitis. Wijine bisa kanggo obar lara rematik kaya lara otot, lara balung, encok, radhang usus, lan tumor saluran pencernaan. Ibu-ibu kang lagi ngandhut ora entuk konsumsi ramuan saka jali amarga bisa ngindhuksi persalinan. [2]
Sanajan saiki jali nyaris ora tau dikonsumsi, tanduran iki tetep dikenal wong, kaya ing tembang gambang kromong "Jali-jali". Ing perdagangan internasional Jali dikenal minangka Chinese pearl wheat (gandum mutiara Cina), Sanajan tanduran iki luwih cedhak kerabatane karo jagung tinimbang karo gandum.
[sunting] Cathetan Sikil
- ↑ (en)www.plantnames.unimelb.edu.au Jali
- ↑ (id)Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat dan Rematik ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. ISBN 979-24-4807-1
[sunting] Pranala Jaba
- (en)Job's Tears
- (en)Sorting Coix names
- (en)Flora of China, Vol. 22, pp. 648–649, Online
- (en)James A. Duke: Handbook of Energy Crops, 1983.