Jalaluddin Rumi
Maulana Jalaluddin Rumi Muhammad bin Hasin al Khattabi al-Bakri (Jalaluddin Rumi) misuwur kanthi asma Rumi inggih menika salah satunggalipun penyair sufi ingkang miyos taun 604 Hijriah, utawi 30 September 1207 ing Balkh, Afganistan.[1] Rumi nggadhahi asma jangkep Jalaluddin Muhammad bin Muhammad al-Balkhi al-Qunuwi.[1] Panjenenganipun menika putranipun Bahauddin Walad, satunggalipun ulama lan mistikus ingkang misuwur, ingkang dipunurak saking Kota Balkh nalika Rumi yuswanipun taksih 12 taun.[1] Panjenenganipun lan kulawarganipun dipunurak amargi benten pamanggihan kaliyan Sultan.[1]
Jalaluddin Rumi menika boten namung penyair nanging ugi satunggalipun tokoh sufi ingkang kagungan pangaribawa (pengaruh) ageng ing wekdal jamanipun.[1] Rumi ugi dados guru nomer satunggal Thariqat Maulawiyah, satunggalipun tarekat ing Turki lan wewengkon sakiwatengenipun.[1] Tarekat menika gadhah pangaribawa ingkang ageng tumraping Istana Turki Utsmani lan kalangan seniman.[1]
Pranala njawi[sunting]
- (id) Jalaluddin Rumi
- (id) Jalaluddin Ar-Rumi