Jalak surèn

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jalak surèn​​​​​​​​​

ꦗꦭ​ꦏ꧀ꦱꦸꦫꦺꦤ꧀

Saka Bengal Kulon
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Aves
ordo: Passeriformes
kulawarga: Sturnidae
Genus: Sturnus
Species: S. contra
Jeneng binomial
Gracupica contra
Linnaeus, 1758

Jalak surèn (Sturnus contra) utawa jalak urèn[2] yaiku spesies jalak kang ditemokaké ing Anak Benua India lan Asia Kidul-wétan. Manuk iki biasané ditemokaké sajroné kelompok cilik ing ngisor lembah lan dataran endèk. Jalak surèn biasa ditemokaké ing kutha utawa désa, senajan manuk iki ora wani kaya beo. Jalak suren ngasilaké pirang-pirang jinis suwara kanti kaya suara gemericik banyu. Pirang-pirang variasi wulu ana sajroné populasi lan sekitar lima subspesies diwènèhi jeneng.

Deskripsi awak lan suwara[sunting | sunting sumber]

Jalak suren kang ukurané sedeng (24 cm), wernané ireng lan putih. bathuk, pipi, garis swiwi, tunggir, lan weteng wernané putih; dada, tenggorokan, lan awak bagiyan nduwur ireng. Warna ireng iki isih coklat ing manuk kang isih enom.[3][4] Iris wernane abu-abu; kulit tanpa wulu disekitar mata berwrna jingga; paruh merah kanti ujung putih; sikil kuning.[4]

Wulu lanang lan wedok katon padha.[3] lanang: duwé awak kang lurus lan luwih gedhé ketimbang wédok. wulu ndas lan punggung ireng legam, sarta buntuté sithik luwih dawa lan dadi siji.

Wedok: awaké katon mbundher lan cendak kanti werna ireng lan putihé rada suram, kurang lincah lan agresif kaya lanang.

Taksonomi[sunting | sunting sumber]

Ilustrasi kapisanan ngenani jalak surèn déning George Edwards (1751)

Spèsies iki kalebu sajroné genus Sturnus lan Sturnopastor ing jaman mbièn ananging studi kang anyar ora ndukung jalak suren mlebu ing genus Sturnus kang nyebapaké mbaliké jeneng genus tua Gracupica.[5][6] Wis diklaim jeneng spesies "contra" asalé saka jeneng India kanggo iku, senajan iki durung ditelusuri sebanjuré.[7]

ndas subspesies G. c. contra (nduwur), G. c. superciliaris (tengah), lan G. c. jalla (ngisor); ilustrasi dening Joseph Smit, 1890

Subspesies kang dinominasi (andedhasar deskripsi spesies kang diwenehikan Linnaeus ing 1758) ditemokake utamane di sedawane pinggiran Kali Gangga nuju sisih kidul menyang Andhra Pradesh lan nuju sisih wetan menyang Bangladesh. Populasi jalak suren ing lor kidul India (saka Sadiya menyang Tirap lan Pareden Naga) dijenengi sordida (asliné Sturnus contra sordidus) dening Sidney Dillon Ripley ing 1950. Wujude jalak suren iki beda karo jalak suren kang ana di India, yaiku pundak lan tengkuk kurang nduweni motif garis. Populasi ing Manipur marang kidul tumuju Myanmar lan maring ngétan tunuju Yunnan nduweni garis mata lan kalebu subspesies superciliaris kapisanan diterangaké déning Edward Blyth ing 1863. Subspesies ing Thailand, Laos lan Kamboja kalebu sajroné floweri ( Sharpe, 1897) sewentara subspesies jalla dideskribsikaké Horsfield ing 1821 ditemokaké ing Sumatra, Jawa lan Bali.[3][8]

Habitat lan distribusi[sunting | sunting sumber]

Spèsies iki ditemokaké utamané ing dataran endèk ananging katemokaké uga ing ngisor bukit nganti 70 meter ing nduwur permukaan laut. déwéké ditemokaké utamané ing wilayah cepak banyu. Distribusi utama ing India ana ing tepian Kali Gangga ananging nyebar nganti kali Krishna. Persebaran déwéké mundak, kanti populasi kang nggawé akéh panggonan anyar-anyar iki kaya Lahore (saka 1997[9]), Rajkot[10] dan Bombay (wiwit taun 1953[11]), uga mungkin dibantu dening perdagangan manuk sangkar lan ucul kanti sengaja.[12] Pola lingkungan déweké ing India utamane ing Rajasthan wis kabantu dening irigasi lan pola pertanian.[13] Spesies iki uga wis mapananké déwéné ing Dubai, UEA.[1] Lan uga, jalak suren diintroduksi nganti Taiwan lan Pulau Honshu.[14]

Solah tingkah[sunting | sunting sumber]

Jalak surèn biasané ditemokaké ana ing kelompok cilik, utamané nalika golek pakan ing sandhuwuré lemah nanging tetep nangkring ing wit utawa wangunan. Manuk iki ora wedi marang kewan-kewan kang luwih gedhé, kayata sapi, lan sering golek pakan ing satengahing kumpulan kewan mau.[15] Jalak suren ing satengahe kelompok tansah ngetokaké swara-swara kang saut-sautan kanthi swara kang maneka warna kaya swara sempritan, swara getaran, lan swara ndhengung, swara klik lan océhan. Jalak surèn enom kang diingu bisa dilatih kanggo niru swara manuk liyané.

Jalak surèn biasané golèk pakan ing sawah, padhang suket, lan wewengkon kang kabuka kanggo golèk wiji, woh-wohan, srangga, endhog srangga, srangga cilik-cilik, kupu-kupu, cacing lemah, [16] lan moluska kang biasane dijupuk saka lemah. Nalika golek pakan, jalak surèn biasané mudhun menyang lemah lan nyedhaki sumber banyu ing panggonan kang ora jero.​ Kaya jinis jalak kang liya, jalak surèn sering nyongkel utawa mbuka lemah, nusuk-nusuk migunakaké cucuké kanggo ngetokaké panganan kang ana ing sangisoré lemah.[17] Saliyané iku, jalak surèn uga biasa mudhun menyang panggonan banyu kang ora jero kanggo golék pakan. Jalak surèn duwe otot protaktor kang kuwat saengga bisa mbongkah bagéyan ngisoré suket lan matané uga duwé posisi kang pas saéngga jalak iki duwé pandeleng binokular kanggo ndheleng celah ing antarané cucuké.[18][19] Nalika arep turu, manuk jalak surèn sering ngetokaké swara seru. Pakulinan urip kaya iki sering ditemoni ing klompok cilik lan kadhangkala pasang-pasangan; jalak surèn biasa turu wengi ing klompok gedhé kang saling njaga karo jalak surèn liyané.[15]

Prekembangbiakané[sunting | sunting sumber]

Petarangan digawe saka gumpalan jrami mapan ing pang wit bungur gedhé (Lagerstroemia speciosa).

Musim kawin jalak suren ing India ana ing wulan Maret tekan September. Nanging ing Jawa lan Bali, prekembangbiakane ana ing wulam Desember tekan Juni, sanajan sawetara liya ana kang prekembangbiakane terusan sasuwene taun.[20] Ing wulan Juli-Desember kalebu mangsa kurange prekawinan Jalak suren. Ing mangsa prekaawinan, cacahe manuk kang nglompok dadi mudhun cacahe, amarga padha golek pasangan. Kanggo golek pasangan, manuk iki ngetokake swara ngundhang, ngepuk-ngepukake wulune lan ngoyang-nggoyangake endhase.

Jalak suren nggawe sarang utawa tarangan saka gumpalan jraami, kang digawe dadi kubah kanthi siji lawang mlebu ing sisihihe kang digawe ing wit gedhe. (asring ing wit bringin, pelem,[21] nangka, sonokembang,[22] dan pohon aren[23]) utawa ing struktur utawa wangunan kang digawe manungsa,[24] kadhangkala cedhak karo wewangunan manungsa. Ing alam liyar, jalak suren dilaporke manggon ing sarangkang ukurane gedhe, kandhi dawa 2 kaki ln dhiameter 18 inci.

Ing sisih tengahe, ana papan kang memper rongga kanthi jero 9 inci lan dhiameter 3 1/2 inci.[25] Nanging miturut pamanggihe W. Blewitt, sarang/tarangan jalak suren mapan ing kadhuwuran 10-15 kaki saka lemah. F.R. Blewitt uga duwe pamanggih adhedhasar panaliten ing Delhi, bilih jalak suren kembangbiake ing wulan Juni-Agustus.[21] Ing Jawa, sarang jalak suren sering digawe ing wit palem utawi ing rumpun wit-witan epifit.[20]

Basa liya[sunting | sunting sumber]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b {{{author}}} (2009). "{{{title}}}." {{{IUCN_Year}}} IUCN Red List of Threatened Species. IUCN {{{IUCN_Year}}}.
  2. ^ Cakrawala. "Jalak Suren Si Penjaga Rumah kang méh Punah", 11 November 2011. (Kaunduh 25/11/12)
  3. ^ a b c Rasmussen, P.C.; Anderton, J.C. (2005). Birds of South Asia. The Ripley Guide. Volume 2. Washington DC and Barcelona: Smithsonian Institution and Lynx Edicions. p. 583.
  4. ^ a b "Jalak Suren". Kutilang Indonesia. 25 April 2012. http://www.kutilang.or.id/burung/konservasi/jalak-suren/.(Kaunduh 25/11/12)
  5. ^ Zuccon, Dario; Cibois, Anne; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2006). "Nuclear and mitochondrial sequence data reveal the major lineages of starlings, mynas and related taxa". Molecular Phylogenetics and Evolution 41 (2): 333–344. doi:10.1016/j.ympev.2006.05.007. PMID 16806992.
  6. ^ Lovette, I., McCleery, B., Talaba, A., & Rubenstein, D. (2008). "A complete species-level molecular phylogeny for the "Eurasian" starlings (Sturnidae: Sturnus, Acridotheres, and allies): Recent diversification in a highly social and dispersive avian group" (PDF). Molecular Phylogenetics & Evolution 47 (1): 251–260. doi:10.1016/j.ympev.2008.01.020. PMID 18321732. http://www.dustinrubenstein.com/webpage/PUBLICATIONS_files/MPE2008.pdf.
  7. ^ Sundevall, CJ (1846). "The birds of Calcutta, collected and described by Carl J. Sundevall". Annals Mag. Nat. Hist. 18: 303–309. http://www.archive.org/stream/annalsmagazineof18lond#page/305/mode/1up.
  8. ^ Ali, S & S D Ripley (1986). Handbook of the birds of India and Pakistan. Volume 5 (2 ed.). New Delhi: Oxford University Press. pp. 172–175.
  9. ^ Murtaza, Syed Ali (1997). "Record of the sightings and breeding of Pied Mynah Sturnus contra at Lahore". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 94 (3): 569–570.
  10. ^ Raol, LM (1966). "Unexpected bird". Newsletter for Birdwatchers 6 (7): 9–10. http://www.archive.org/stream/NLBW6#page/n87/mode/1up.
  11. ^ George, NJ (1971). "The Pied Myna, Sturnus contra (Linnaeus) in Bombay". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 68 (1): 243–244.
  12. ^ Naik, Vasant R (1987). "Nest of the Pied Myna Sturnus contra Linnaeus". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 84 (1): 210.
  13. ^ Sharma SK (2004). "Present distribution of Asian Pied Starling Sturnus contra in Rajasthan". Zoos' print journal 19 (12): 1716–1718. http://www.zoosprint.org/ZooPrintJournal/2004/December/1716-1718.pdf.
  14. ^ Brazil 2009, p. 394
  15. ^ a b Freare & Craig 1998, hlm. 167–168.
  16. ^ Turut 2010, hlm. 79.
  17. ^ Zuccon, Dario; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2008). "Phylogenetic relationships among Palearctic–Oriental starlings and mynas (genera Sturnus and Acridotheres: Sturnidae)". Zoologica Scripta 37 (5): 469–481. doi:10.1111/j.1463-6409.2008.00339.x. http://www.nrm.se/download/18.251938811dab4a5dcc8000180/Zuccon+et+al+Sturnus+ZSC+2008.pdf.
  18. ^ Beecher, William J. (1953). "A phylogeny of the Oscines". Auk 70 (3): 270–333. doi:10.2307/4081321. http://sora.unm.edu/sites/default/files/journals/auk/v070n03/p0270-p0333.pdf.
  19. ^ Mayr, Gerald (2005). "A new eocene Chascacocolius-like mousebird (Aves: Coliiformes) with a remarkable gaping adaptation". Organisms, Diversity & Evolution 5 (3): 167–171. doi:10.1016/j.ode.2004.10.013. http://www.senckenberg.de/files/content/forschung/abteilung/terrzool/ornithologie/chascacocolius.pdf.
  20. ^ a b Flag of Austria Austria 1993. Panduan Lapangan Pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada Univ. Press. hal. 352
  21. ^ a b Hume 1889, hlm. 386Cithakan:Spaced ndash387.
  22. ^ Pandey, Deep Narayan (1991). "Nesting habitat selection by the Pied Myna Sturnus contra Linn". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 88 (2): 285–286.
  23. ^ Turut 2010, hlm. 78.
  24. ^ Tiwari,JK (1992). "An unusual nesting site of Pied Myna". Newsletter for Birdwatchers 32 (3–4): 12. http://www.archive.org/stream/NLBW32_34#page/n13/mode/1up.
  25. ^ Hume 1889, hlm. 387.
  26. ^ a b c d Lepage, Denis. "Jalak Suren (Sturnus contra) Linnaeus, 1758". Avibase. http://avibase.bsc-eoc.org/species.jsp?lang=ID&avibaseid=375766BCC58252B3. Retrieved 26 May 2012.


Daftar pustaka[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jalak_surèn&oldid=865805"