Manuk Jalak
| Jalak | |
|---|---|
| Jalak Jawa (Jalak kebo) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| kulawarga: | Sturnidae |
| Kulawarga | |
|
Sturnus |
|
Jalak (Ingg. starling) yaiku jeneng kulawarga manuk oceh saka suku Sturnidae. Manuk kang umume wujudé (kira-kira 20-25 cm), gagah, nduweni cucuk kang kuat, lancip lan lurus. Sikilé dawa padha karo awaké lan manuk iki akeh nyusuh ana ing wit kang bolong.Manuk jalak uga gampang dijinakake , lan asring diingoni ana ing kandang utawa ana ing tlatah jawa asring kasebut kurungan. Manuk saka kaluwarga Sturnidae bisa ditemui ana ing sakubeng tlatah ing indonésia utamané ana ing Pulo Sumatra , Jawa , lan Bali . Uga manuk jalak uga kasebar ana ing dhaerah kulon Bangladesh , Bhutan , Kamboja , China , India , Laos , Myanmar , Nepal , Pakistan , lan Thailand[1].
Bab lan Paragraf |
Pakan [sunting]
Pakan sakdina-dina akeh mangan sak anané pangganan mulai saka woh-wohan nganti wiji-wijian. Manuk Jalak ana ini kurungan biasane dipakani arupa voer, woh , gedang, kroto, lan anggo-anggo.
Lanang wedhoké [sunting]
Susah banget mbèdakake manuk jalak lanang lan wadon. Biasané digoleki ing bagean kloaka lan Jalak lanang ing bagean kloaka kang métu.
Jenis [sunting]
Jenise kira-kira ana 25 jenis jalak lan kulawargane kerabat, yaitu perling lan beo, ing Indonésia.
- Jalak suren (Sturnus contra)
- Jalak putih (S. melanopterus)
- Jalak bali (Leucopsar rothschildi)[2]
- Jalak kebo utawi Kerak kebo (Acridotheres javanicus)
Mumpangat [sunting]
Biasané manuk kasebut digandrungi wong kang ana ing [[kuta] utawa ana ing desa, uga akeh kang nyenengngi wujud lan suarané kanggo ocehan [3]. Manuk Jalak uga ngandut khasiat kang unik yaiku :
- Bisa warasake lemes syahwat.
- Bisa nahan banyu mani kang cepet métu.
- Bisa ngobati ambekan sésék (sesak napas)
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id) http://alamendah.wordpress.com/2010/10/24/jalak-suren-burung-penjaga-rumah (kaunduh ing tanggal 13/03/2011)
- ^ (id) http://www.balioutbound.com/2007/04/burung-jalak-bali/ diunduh ing tanggal 13/03/2011
- ^ (id) http://www.seksualitas.net/khasiat-burung-jalak-hitam.htm kaunduh ing tanggal 13/03/2011
|
|||||