Jaka Tarub

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
jaka tarub ana ing sawijining film tv

Jaka Tarub yaiku salah siji tokoh kang dadi leluhuré raja-raja ana ing Mataram, anaké Jaka Tarub jenengé Retno Nawangsih.[1] Nalika tuwa Jaka Tarub Oléh jejuluk Ki Ageng Tarub.[1]Ana ing sakwijining dina, Jaka Tarub ing daérah Gunung Keramat.[2] Ing gunung kuwi ana tlaga panggonan adusé pitu widadari.[2] Jaka Tarub jupuk sléndang salah sijiné widadari.[2] Sakwisé 7 widadari adus, enem saka pitu widadari kuwi mbalik ing kahyangan, nanging sing sijiné bingung nggoleki seléndangé sing ilang.[2] Widadari mau jenengé Dewi Nawang Wulan.[2] Jaka Tarub teka lan nulung Dewi Nawang Wulan.[2] Dewi Nawang Wulan diajak bali ing omahé jaka Tarub.[2] Pungkasané Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan nikah lan duwé anak sing jenengé Dewi Nawangsih.[2]Nalika omah-omah karo jaka Tarub, Dewi Nawang Wulan nggunakaké kasekténé.[3] Ana ing sawijining dina Jaka Tarub nglanggar larangan Nawang wulan supaya aja mbuka tutup sing dienggo adang sega.[3] Akibaté kesaktian Dewi Nawang Wulan ilang.[3] Sangsaya suwé berasé cepet enték.[3] Nalika berasé kari sithik, Nawang Wulan nemokaké sléndangé.[3] Nawangwulan ngamuk-ngamuk ngerti yen bojoné kuwi sing jupuk sléndangé.[3] Nawang Wulan mbalik ing kahyangan.[3]

Palakramané Nawangsih[sunting | sunting sumber]

Jaka Tarub dadi wong penting ing désa jejuluk Ki Ageng Tarub, lan kekancan raket karo Brawijaya raja Majapahit.[4] Sawijining dina Brawijaya ngirimké keris pusaka Kyai Mahesa Nular supaya dirawat dening Ki Ageng Tarub.[5] Utusan Brawijaya kang ngawa keris mau jenengé Ki Buyut Masahar lan Bondan Kejawan, anak angkaté.[5] Sakwisé Jaka Tarub mati, Lembu Peteng utawa Bondan Kejawan ngantikaké dadi Ki Ageng Tarub sing anyar.[5] Nawangwulan nglairké anak, sakwisé gedhé jenengé Ki Getas Pandawa.[5] Ki Ageng Getas Pandawa banjur nduweni putra kang duwe gelar Ki Ageng Sela, kang sebeneré buyuté Panembahan Senapati, pendiri Kesultanan Mataram.[5]

Pranala Njawi[sunting | sunting sumber]

  • Babad Tanah Jawi. 2007. (terj.). Yogyakarta: Narasi
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya oleh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Slamet Muljana. 2005. Runtuhnya Kerajaan Jindu-Jawa dan Timbulnya Negara-Negara Islam di Nusantara (terbitan ulang 1968). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)Jaka Tarub dan Tanabata (Dipuntingali tanggal 19 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h (id)Jaka Tarub & 7 Bidadari (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  3. ^ a b c d e f g (id)Jaka Tarub (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  4. ^ (id)CERITA JAKA TARUB DAN NAWANG WULAN (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  5. ^ a b c d e (id)Pernikahan Jaka Tarub (Dipuntingali tanggal 17 Mei 2011)


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jaka_Tarub&oldid=853038"