Jacqueline Kennedy Onassis
| Jacqueline Kennedy | |
Jacqueline Kennedy in 1963. |
|
|
|
|
|---|---|
| In office Januari 20, 1961 – November 22, 1963 |
|
| Didhisiki déning | Mamie Eisenhower |
| Diganti déning | Lady Bird Johnson |
|
|
|
| Lair | 28 Juli 1929 Southampton, New York, United States |
| Tilar donya | 19 Mei 1994 (umur 64) New York City, New York, Amerika Serikat |
| Partai pulitik | Democratic |
| Pasangan | John F. Kennedy (1953–1963, seda) Aristotle Onassis (1968–1975, seda) |
| Anak | Arabella Kennedy (1956–1956) Caroline Bouvier Kennedy (born 1957) John Fitzgerald Kennedy Jr. (1960–1999) Patrick Bouvier Kennedy (1963–1963) |
| Alma mater | The George Washington University (B.A.) |
| Pegawéyan | First Lady of the United States Book editor at Viking Press (1975–1977) Book editor at Doubleday (1978–1994) |
| Agama | Katolik Roma |
| Tapak asma | |
Jacqueline Lee Bouvier Kennedy Onassis (lair ing Southampton, New York, Amerika Serikat, 28 Juli 1929 – tilar donya 19 Mei 1994 kanthi yuswa 64 taun) inggih menika garwanipun John F. Kennedy periode 1953-1963 lan misuwur kanthi asma Jacqueline Kennedy utawi Jackie Kennedy.[1] Panjenenganipun dados ibu negara Amerika Serikat (First Lady of the United States) ing taun 1961 ngantos garwanipun tilar donya lan tiwas amargi dipunperjaya pati ing taun 1963.[1] Wekdal taun 1968 ngantos tilar donya ing taun 1975, panjenenganipun palakrami malih kaliyan Aristotle Onassis lan dipunmangertosi kanthi asma Jacqueline Onassis, Jackie Onassis, utawi Jackie O.[1] Ing taun-taun ingkang salajengipun, panjenenganipun sukses minangka editor buku.[1]
Kulawarga lan wekdal gesangipun [sunting]
Jacqueline Lee Bouvier lair ing Easthampton Hospital ing Southampton, New York.[2] Panjenenganipun menika putranipun John Vernou Bouvier III (1891-1957) lan Janet Norton Lee Bouvier (Aunchincloss Morris) (1906-1989).[2] Rayinipun Jacqueline, Caroline Lee, utawi Lee, ing taun 1933.[2] Ramanipun, ingkang dipunsebat kanthi asma "Black Jack" menika satunggalipun playboy ingkang salajengipun pegatan kaliyan Janet nalika Jackie taksih enem.[2] "Black Jack" boten nggarwa malih, nanging Janet palakrami kaliyan Hugh D. Auchincloss, Jr., lan nggadhahi kalih putra, Janet Jennings lan James Auchincloss. Ing taun salajengipun, ibunipun Jacqueline palakrami malih kaliyan Bingham Morris.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d (en)[http://www.usatoday.com/news/washington/2010-09-26-jfk-jackie-kennedy-onassis_N.htm "Jackie Kennedy Onassis: America's Quintessential Icon of Style and Grace] dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)
- ^ a b c d e (en)[http://www.whitehousehistory.org/whha_publications/publications_documents/whitehousehistory_14.pdf Circa 1961: The Kennedy White House Interior] dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)
Pranala Njawi [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
Obituary, NY Times, May 20, 1994]
biography]
Unofficial biography]
| Sing mengku sadurungé: Mamie Eisenhower |
Ibu Negara Amerika Serikat 1961–1963 |
Diganti déning: Lady Bird Johnson |