Jacob Perkins
Jacob Perkins yaiku wong kang nemokake kulkas.[1] Jacob Perkins lair ing Massachudetts, Amerika Serikat, tanggal 9 Juli 1766.[1] Sadurunge dikenal minangka ilmuwan lan ahli mesin, Perkins mung dikenal minangka sawijining pandhe mas.[1] Nalika umure 21 taun, dheweke wis dikenal minangka ilmuwan lan ahli mesin. [1]Nalika dheweke nyambut gawe marang ahli wesi, Perkins nyambi sinau elmu kususe babagan mesin. [1]
Perkins ngenalake kulkas nalika taun 1834.[2] Kulkase Perkins durung nggunakake Freon, kaya saiki.[2] Dheweke nggunakake eter lan siklus tekanan uap banyu kanggo nggawe es. [2]Sawise Perkins nemokake kulkas, ana pirang-pirang ilmuwan saka pirang-piang negara padha lomba kanggo ngadaptasi lan ngrembakakake panemone mau. [2]John Gorrie, sawijining ilmuwan lan uga sawijining dhokter asal Amerika, ngadaptasi kulkas gaweane Perkins. [2]Gorrie nggunakake es kanggo ngopres pasiene.[2] Ing Jerman, sawijining insinyur kanthi aran Karl Von Linden uga ngadaptasi teknologi kulkas gaweane Perkins. [2][[Raoul Picxcet saka Swiss kang uga gawe kulkas kang mirip karo kulkase Perkins. [2]Mung, Raoul ora nggunakake eter kaya kang digunakake Perkins, nanging dheweke nggunakake sulfur dioksida minangka piranti pendingine.[2] Saliyane penemu kulkas, Perkins uga dikenal minangka penemu pirang-pirang mesin kayata pemanas banyu lan pencetak duwit logam.[2]