Jacky Cheung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jacky Cheung

Latar wuri
Jeneng Jacky Cheung Hok-Yau
Alias Zhāng xúe yǒu
Asal Flag of Hong Kong.svg Hong Kong
Génré Cantopop
Mandopop
Pegawéyan Penyanyi
Aktor
Instrumèn Penyanyi
Taun aktif 1985–saiki
Label Universal Music Group
Situs wèb www.jackycheung.hk

Jacky Cheung Hok-Yau yaiku penyanyi lan aktor saka Hong Kong awit taun 1980-an nganti saiki. Jacky disebut dening media dadi salah sijining 4 raja langit hong kong bebarengan karo Aaron Kwok, Andy Lau lan Leon Lai. Jacky tau nganakaké world tour lan salah sijiné tlatah kang dadi tempaté konser yakuwi Indonesia, yaiku tlatah Medan lan Jakarta.[1] Jacky lair tanggal 10 Juli taun 1961 ing Hong Kong.

Kariré dimulai nalika Jacky Cheung dadi pamenang ing kontes nembang ing Hong Kong nalika taun 1984 kanthi nggawakaké tembangan kang judulé Fatherland. Dheweké nyingkiraké kontestan liya kang akehé luwih saka 10.000. [2] Taun 1996 tanggal 15 Februari, Jacky Cheung nikah karo May Lo Mei-Mei lan dianugrahi anak loro.[2]

KARIR [sunting]

Taun 1991 kanthi tembangan kang judulé Loving You More Everyday, Jacky Cheung mulai nyoba donya hiburan tarik swara.[2] Dheweké ngrilis album kang diwenehi judul TRUE LOVE EXPRESSION lan LOVE SPARK. Album-album kasebut dadi album paling sukses sasuwené sejarah donya musik ing Hong Kong. Album kasebut bisa kaedol nganti luwih saka 400.000 kopi.[2]

Amarga tembangan Only Thinking of Going Through Life With You lan Goodbye Kiss, Jacky Cheung dikukuhaké dadi salah sijiné Heavenly Kings of Cantopop bebarengan karo Aaron Kwok, Andy Lau, lan Leon Lai. [2] Album GOODBYE KISS uga bisa mecahaké rekor amarga bisa kaedol nganti paling akeh sasuwené sajarah donya musik, luwih saka 5 yuta kopi kaedol ing Hong Kong, Taiwan, lan ing Asia Tenggara.[2]

Jacky Cheung tau menangaké Best Selling Cantonese Album Award nalika ajang Hong Kong IFPI Awards taun 2005 kanggo album JACKY LIVE PERFORMANCE. [2] Nalika sasi Desember taun 2006, Jacky Cheung tampil ing Upacara Pambukaan 15thAsian Games ing Doha, Qatar nembangaké theme song Together Now.[2]

Ora mung tampil duet karo penyanyi Hong Kong kayata Faye Wong, nalika nembangaké Love's Promise, Kelly Chen nalika nembangaké Waiting for Your Love, lan karo Anita Mui nalika nembangaké Love is Hard. [2] Jacky Cheung uga nyanyi bebarengan karo artis 'barat' kayata Sarah Brightman nalika nembangaké There for Me lan karo Reba McEntire, nalika nembangaké For My Broken Heart.[2]

Ing industri canto-pop kang kaubah-ubah, Jacky Cheung bisa jejeg ing tahtané. Eksistensiné salawasé dheweké mulai njegur ing dunya musik ora digantikaké nganti suwené 20 taun.[2]

Jacky Cheung uga nyoba dunya peran kayata ing film AS TEARS GO BY (1988) kang ngolihaké panghargaan Best Supporting Actor Hong Kong Films Award. [2] Film kang judulé SWORDSMAN (1990), uga ngeraih Best Supporting Actor Golden Horse Award.[2]

Jacky Cheung uga mainaké peran ing mini seri SCAR bebarengan karo anggota F4 Jerry Yan lan Karen Mok, dadi kakangé Jerry Yan.[2] Jacky Chaung tau ngadakaké Word Tour, salah sijiné tempat konseré ana ning Medan lan ing Jakarta.[1] Konser kasebut dijuduli "The Year Of Jacky Cheung World Tour".[1]

Film [sunting]

Film-film kang tau dibintangi dening Jacky Cheung :

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c (id)berita Jacky Cheung dipununduh tanggal 9 Julli 2011
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)biografi Jacky Cheung dipununduh tanggal 9 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jacky_Cheung&oldid=831892"