J-Rocks
| J-Rocks | ||
|---|---|---|
| 220px ジェ-ロックス |
||
| Latar mburi | ||
| Lair | 9 November 2003 |
|
| Jinis Musik | pop rock, j-pop | |
| Taun aktif | 2003-saiki | |
| Parusahan rekaman | Aquarius Musikindo | |
| Dipengaruhi | L'Arc~en~Ciel, Malice Mizer, Muse, Nirvana | |
| Situs resmi | http://j-rocks.co.id | |
| Anggota | ||
| Iman Taufik Rachman - vocal, gitar Swara Wima Yoga - bass Sony Ismail Robbayani - gitar Anton Rudy Kelces - drum |
||
J-Rocks yaiku grup musik saka Indonesia kang njupuk aliran Japanese pop/rock.[1] Grup iki ana mulai tanggal 9 November 2003. [2] Grup band iki asale saka Jakarta. [1] Personil grup band iki yaiku Iman minangka vokalis, Sony minangka gitaris, Wima minangka bassis, lan Anton minangka drummer. [1] Jeneng J-Rocks mulai munggah sawise dadi finalis lan dadi juwara pertama ing kontes musik kang dianakake Nescafe. [2] Ing kana, grup band iki bisa ngalahake rong grup band saingane, yaiku B-Five saka Makasar lan Cool Khas saka Yogyakarta. [2] Grup iki menang amarga werna musike kang durung ana ing Inonesia. Banjur grup band iki entuk kontrak rekaman kang dilabeli Aquarius Musik. [1] Saiki, grup band iki bisa saingan karo grup band papan atas kaya dene Padi lan Dewa.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sejarah J-Rocks
Awal taun 2004, JRS (singkatan saka J-Rockstar) melu festival musik kang dianakake dening Nescafe Get Started 2004 kang disponsori dening Nescafe, Trans TV, lan Aquarius Musikindo. [2] Grup band iki bisa dadi juwara lan saka kuwi bisa nggawe album kompilasi Nescafe Get Started kang dadi wiwitan kerjasama karo Aquarius Musikindo. [2] Ing taun 2005, grup band iki bisa ngetokake album kang pisanan kanthi irah-irahan "Topeng Sahabat" kanthi label Aquarius. [2]
J-Rocks saya dikenal dening masyarakat sawise ngetokake album kang kaping pindho kanthi irah-irahan "Spirit". [2] Ing tembang kanthi irah-irahan "Kau curi lagi", dheweke kolaborasi karo gitaris wadon kang jenenge Prisa. [2] Ing tembang "Juwita Hati", grup band iki nggawe konsep rekaman ing Jepang kang digarap dening Hedy Suryawan. [2] Selvin, Sato, lan Boppy ing video klip iki akting dadi fans J-Rocks kang ngoyak nganti tekan negara Sakura iku. [2] Ora tanggung-tanggung, kawasan kayadene Shibuya lan Harajuku uga dadi panggonan nggawe video klip. [2] Konsep video klip iku kang ndadekake grup band J-Rocks tambah dikenal ing Indonesia. [2]
J-Rocks nyithak sejarah kanthi dadi pemenang ing A Mild Live Soundrenaline ing taun 2008 "Free Your Voice". [1] Saka kuwi, grup band iki banjur bisa rekaman ing studio rekaman Studio Abbey Road, London, Inggris. [1] Ana telung tembang kang wis dicakake kanggo rekaman ing studio iku, yaiku Falling in Love, Hanya Aku, lan Meraih Mimpi. [1] Grup band iki ngarep-ngarep kanthi rekaman ing studio iku, bisa dadi go International. [1] Ora mung J-Rocks thok, studio Abbey Road uga dadi panggonan rekamane artis saka manca nagara, kayadene Pink Floyd, Oasis, Green Day, Placido Domingo, Spice Girls, The Beatles, Josh Groban, Radiohead, Muse lan U2. [1][2]
[sunting] J-Rockstar
Inspirasi jeneng J-Rockstar kawiwitan saka stiker kang ana tulisan Rockstar, kanthi kepinginan supaya bakale bisa dadi bintang rock terkenal. [1] Banjur kena tambahan hurup J ing ngarepe, karepe supaya bisa makili band iku. [1] J bisa ateges Jepang amarga dheweke nggarape tembang J-Music, Jakarta amarga dheweke asale saka Jakarta, Jujur sajerone main tembang ateges mainake apa kang bener-bener dheweke senengi lan pengin main musik kang ber-soul. Amarga saking dawane, jeneng J-Rockstar banjur dicekak dadi J-Rocks, lan jeneng J-Rockstar iku saiki dadi jeneng fans J-Rocks. [1]
[sunting] Diskografi
[sunting] Album Studio
| No. | Cover Art | Irah-Irahan Album | Track Tembang | Tahun Rilis | Angka Penjualan | Sertifikat |
|---|---|---|---|---|---|---|
| 1 | 100px | Topeng Sahabat | Lepaskan Diriku, Ceria, Kuingin Kau Untukku, Selamat Tinggal Kekasihku, Mestinya Kuakhiri Semua, Berharap Kau Kembali, Kono Mune Ni, Topeng Sahabat, Cahayamu, Entah Bagaimana. | 2005 | 450.000 kopi | 6x Platinum |
| 2 | Spirit | Spirit, Kau Curi Lagi, Cobalah Kau Mengerti, Juwita Hati, PDKT, Mestinya Kau Tahu, Saatnya Ku Bicara, Aku Harus Bisa, Semakin Sendiri, Tersesal. | 2007 | 450.000 kopi | 6x Platinum | |
| 3 | 100px | Road To Abbey | Intro (Road To Abbey), Meraih Mimpi, Hanya Aku, Falling in Love (English), Falling in Love (Indonesia) | 2009 | 75.000 kopi | Platinum |
[sunting] Album Kompilasi
| No. | Cover | Irah-irahan Album | Track Tembang | Tahun Rilis | Label |
|---|---|---|---|---|---|
| 1 | - | Nescafe Get Started | Mestinya Kuakhiri Semua. | 2005 | Aquarius Musikindo |
| 2 | OST Dealova | Serba Salah, Into The Silent. | 2005 | Aquarius Musikindo | |
| 3 | 100px | The Best of Top | Falling in Love | 2010 | Aquarius Musikindo |
| 4 | - | 40TH Anniversary Aquarius | Madu dan Racun | 2010 | Aquarius Musikindo |
[sunting] Pranala Jaba
- (id) Situs web resmi J-Rocks
- (id) Blog resmi J-Rocks
- (id) Akun resmi J-Rocks ing Twitter
- (id) Akun resmi J-Rocks ing Facebook
- (en) J-Rocks Chaneel ing Youtube
- (id) J-Rocks ing Aquarius Musikindo
- (id) J-Rocks ing Kapanlagi.com