Júlio César Soares Espíndola
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Júlio César Soares de Espíndola | ||
| Tanggal lair | 3 September 1979 (umur 33) | ||
| Papan lair | Duque de Caxias, Brazil | ||
| Dhuwur | 1.86 m (6 ft 1 in) | ||
| Posisi pamain | Penjaga gawang | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Internazionale | ||
| Nomer | 12 | ||
| Karir remaja | |||
| Grajau CC | |||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1998–2004 2004-2005 2005-kini |
Flamengo Chievo Internazionale |
130 (0) 0 (0) 170 (0) |
|
| Total | 300 | (0) | |
| Tim nasional‡ | |||
| 2004– | Brasil | 47 (0) | |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 10 April 2010. † Appearances (Goals). |
|||
Júlio César Soares de Espíndola (lair 3 September 1979), misuwur kanthi nami Júlio César, inggih menika pemain bal-balan ingkang posisinipun minangka kiper tim nasional bal-balan Brasil, lan ugi main ing klub saking Italia, Inter Milan.[1] Cesar samenika dados kiper andalanipun Brasil, sampun ngoleksi 53 kamenangan sareng tim nasional Brasil.[1] Taun 2009, Cesar dados kiper paling sae kaping-3 sadonya sasampunipun Iker Casillas lan Gianluigi Buffon. [1] Cesar ugi pikantuk kanugrahan ing Serie A Liga Italia minangka Serie A Goalkeeper of the Year taun 2009.[2] Cesar nate mlebet dhaftar nominasi pemain bal ingkang badhe pikantuk Ballon d'Or taun 2009, salajengipun Cesar namung saged ing peringkat selikur kemawon.[3]
Bab lan Paragraf |
Karier klub [sunting]
Flamengo [sunting]
Júlio César miwiti karier profesional kanthi ndherek klub bal Clube de Regatas do Flamengo ing taun 1997.[3] Amargi Cesar anggenipun dados kiper sae, lajeng dipuntransfer dening A.C Chievo ing Januari 2005.[3]
Internazionale [sunting]
Cesar ndherek klub Inter musim taun 2005-2006 lan dados kiper cadhangan kiper Fransesco Toldo.[3] Cesar wiwit dipundadosaken kiper utama awit Cesar main sae ing Piala Supercopa Italia.[3] Juli 2009, Cesar dipunpilih dening ESPN Brasil minangka pemain bal paling sae ing musim 2008-2009.[3] November 2009 kontrakipun kaliyan klub Inter Milan dipunperpanjang ngantos dumugi taun 2014.[3]
Karier Internasional [sunting]
Karier internasional Júlio César dipunwiwiti ing taun 2003, nalika panjenenganipun dados kiper cadhanganipun Dida.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (en)The world's best Goalkeeper 2009 dipunundhuh tanggal 1 Juli 2011)
- ^ (id)Ex-Inter Star Zlatan Ibrahimovic Wins 2009 'Oscar Del Calcio' dipunundhuh tanggal 1 Juli 2011)
- ^ a b c d e f g h (en)Le classement final dipunundhuh tanggal 1 Juli 2011)