Jéngkol
| Jéngkol | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| filum: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Subkulawarga: | Mimosoideae |
| Genus: | Archidendron |
| Spesies | |
|
Archidendron pauciflorum (Benth.) I.C.Nielsen |
|
Jéngkol (jeneng èlmiah: Archidendron pauciflorum) yaiku wit kang biasané tukul ana ing wilayah Asia Tenggara.[1] Jéngkol ngasilaké ambu kang ora enak pada kaya peté,[2] nanging luwih nyengat.[3] Jéngkol wijiné empuk, tekstur kuwi sing gawé jéngkol disenengi wong akèh.[3] Kang marakaké jéngkol nduwèni ambu sing ora énak iku amarga kandungan asam amino kang ana ing woh jéngkol mau.[2] Asam amino iku mau didominasi asam amino kang duwé kandungan unsur sulfur utawa jeneng kang umum belerang.[2]
Umumé jéngkol ing Indonésia diasilaké ing wilayah Lampung.[4]
Bab lan Paragraf |
Jeneng liya [sunting]
Wong-wong ing Malaysia nyebuté jéngkol kuwi jering, wong-wong Myanmar nyebuté da nyin thee lan wong-wong ing Thailand Kidul nyebuté luk-nieng utawa luk neang.[5]
Secara populèr wong-wong Indonésia uga ana sing nyebut jéngkol "kancing levis", amarga bentuké sing bunder diasosiasikan kaya benik jins Levi's.[3]
Panganan [sunting]
Wiji jéngkol bisa dipangan langsung utawa dimasak. Biasané dimasak semur, lan dingertèni wong-wong Sundha kanthi jeneng ati macan utawa "hati macan".[3]
Kajaba disemur, wiji jéngkol uga bisa digawé dadi keripik kayata emping saka mlinjo, kanthi cara digencèt nganti gèpèng, digaringaké lan digorèng nganggo lenga panas. [3]
Kandhutane Jéngkol [sunting]
Kandhutan asam jéngkolat sing ana ing wiji jéngkol macem-macem.[6] Kandungan asam jéngkolat gumantung karo varietas lan umur wiji jéngkol.[6] Cacahé antarané 1 – 2 % saka aboté wiji jéngkol.[6]
Jéngkol nyatané nduwèni manfaat sing akèh.[1] Miturut panelitèn kang wis katindakaké, jéngkol uga akèh kandungan karbohidrat, protéin, vitamin A, vitamin B, vitamin C, fosfor, kalsium, alkaloid, lenga atsiri, steroid, glikosida, tanin, lan saponin.[1] Khusus kanggo vitamin C kandungané ana 80 mg saka 100 gram wiji jéngkol.[1] Kanggo angka kecukupan gizi kang dianjuraké saben dinané yaiku 75 mg kanggo wong wadon lan 90 mg kanggo wong lanang.[1]
Jéngkol uga dadi sumber protéin sing apik yaiku 23,3 g saben 100 g jéngkol.[1] Kadar protéiné ngluwihi saka témpé sing mung 18,3 g saben 100 g.[1] Zat besi sing ana ing jéngkol antarané 4,7 g saben 100 g.[1] Jéngkol uga apik kanggo balung amarga jéngkol nduwèni kandungan kalsium, yaiku 140 mg saben 100 g.[1]
Bebaya [sunting]
Ambuné jéngkol kuwi salah sijiné efèk nègatif kanggo sing mangan, nanging sebeneré bisa dikurangi kanthi cara dikom/direndem utawa digodhog.[3] Ambuné pas kencing bisa dikurangi yèn mbilas dilakokaké sadurungé lan sawisé nguyuh (kencing) kanthi jumlah sing akèh.[3]
Bebaya kang disebabaké jéngkol kejaba ambuné, uga bisa nyebabaké penyakit jéngkolen.[6] Sebabé asam jéngkolat bisa ndadèkaké gangguan kaséhatan,[6] yaiku dadiné kristal asam jéngkolat kang bisa nyumpel saluran air seni.[6] Saya suwé kristal kang kuwi mau saya akèh lan suwé-suwé bisa ndadèkaké infèksi.[6]
Asam jéngkolat uga bisa nyebabaké wurung.[7] Faktor kang nyebabaké wurung amerga kakèhan asam jéngkolat.[7]
Kejaba saka kuwi jéngkol ana agama Islam uga hukumé mubah.[6]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i (id)Jengkol, Bau tapi Ada Manfaatnya Loh (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
- ^ a b c (id)Jengkol, Meski Bau, Bergizi Tinggi (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
- ^ a b c d e f g (id)Selasa,06 Oktober 2009 Manfaat Jengkol (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
- ^ (id)Harga Jengkol Melonjak Gara-gara Cuaca copyright @2011 Detik.com (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
- ^ sosarsenic.net
- ^ a b c d e f g h (id)Jengkol yang Berbahaya Copyright © 2008-2010 Halal Guide (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
- ^ a b (id)Keracunan Jengjok Copyright © 2006-2010 PIOGAMA UGM (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
Pranala njaba [sunting]
- Peringatan bagi konsumen jengkol (Memuat informasi mengenai asam jengkolat, bau, dan satu pertimbangan fiqih terhadap konsumsi jengkol).