Iwo Jima
| Jeneng asli: 硫黄島 | |
|---|---|
Lokasi Iwo Jima ing Samodra Pasifik |
|
| Geografi | |
| Lokasi | Samodra Pasifik (Laut Filipina) |
| Koordinat | 24°47′N 141°19′E / 24.783°N 141.317°E |
| Kapuloan | Kapuloan vulkanik |
| Pucuk paling dhuwur | Gunung Suribachi[1] |
| Negara | |
| Subprefektur | Subprefektur Ogasawara |
| Demografi | |
| Populasi | Ora ana pedunung sipil (mung personèl militèr) |
Iwo Jima (basa Jepang: 硫黄島 Iōtō, utawa Iōjima, tegesé "pulo lirang") iku pulo vulkanik ing Jepang, bagéyan saka Kapuloan Ogasawara. Pulo sing ana ing ±650 mil laut (1200 km) kidul Tokyo (24,754° LU, 141,290° BT) iki misuwur minangka papan dumadiné paprangan nalika sasi Februari lan Maret 1945 antarané Jepang lan Amérika Sarékat nalika Perang Donya II.
Kanthi wiyar ±21 km², lumahing Iwo Jima sacara umum rata. Gunung Suribachi (utawa Suribachiyama) arupa bentang alam sing paling dhominan ing pulo iki kanthi kadhuwuran 166 m.
Bab lan Paragraf |
Pangkalan Udhara Angkatan Laut [sunting]
Angkatan Laut Jepang utawa Japan Maritime Self-Defense Force (JMSDF) ngoperasikaké sawijining pangkalan udhara angkatan laut ing Iwo Jima kanthi dawa landhesan nganti 2.650 meter lan amba 60 meter. Kodhe sing diwènèhaké ICAO kanggo pangkalan udhara ing Iwo Jiwa iki yaiku RJAW, sauntara kodhe sing diwènèhaké IATA iku IWO.
Angkatan Laut Jepang duwé tugas kanggo nyengkuyung lan ngendhalèkaké lalu-lintas udhara, pangisian bahan bakar, lan nglakokaké misi panylametan. Pangkalan ing Iwo Jima uga dipigunakaké déning Angkatan Udhara lan Angkatan Dharat Jepang. Malah, Angkatan Laut Amérika Sarékat mèlu mupangataké pangkalan iki kanggo sapérangan kagiyatan kayadéné latihan pendharatan wayah wengi.
Réferènsi [sunting]
Pirsani uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Iwo-Jima, Volcano Islands, Japan
- (en) History of U.S. Marine Corps Operations in World War II Volume IV: Western Pacific Operations oleh George W. Garand dan Truman R. Strobridge