Iwak koi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Iwak Koi

Iwak koi kalebu iwak hias kang akèh sing seneng.[1] Sakliyané ngopèni minangka hobi, iwak koi uga isa didadèkaké bisnis kang apik.[1] Iwak koi asalé saka iwak mas.[1] Iwak iki yaiku iwak nasional negara Jepang.[1] Ing negara Jepang iwak koi dianggep minangka iwak Déwa.[1] Ing negara Jepang koi disebut kai kang artiné iwak berwarna.[1] Akèh vèrsi kang ngrembaka ngénani asal mausul koi.[1] Salah sijiné yaiku asalé saka Persia, banjur digawa ing Jepang dening wong Cina ngléwati daratan Cina lan Korea.[1] Koi saka Jepang pertama kali di eksport marang San Fransisco, Amerika Serikat (1938).[1] Bibar iku banjur dikirim marang Hawai (1947), Kanada (1949), lan Brasil (1953).[1] Wondéné mlebu Indonesia ditaksir kira-kira taun 1981-1982 digawa déning Hany Moniaga, hobiis kang manggon ana ing Cipanas, Cianjur, Jawa Barat.[1] Déwéké banjur ngembangaké ternak koi kang jeneng Leon lan Leonny.[1]

Bab lan Paragraf

Jenis Iwak Koi [sunting]

Jenis Iwak Koi

Jenis utawa kelompok iwak koi miturut pola lan variasi werna kapérang dadi 4.[2] yaiku:

Werna Tunggal

Jeneng Iwak Variasi werna awak
Shiromuji Putih
Benigoi, Higoi, Akagoi Kabeh abang
Kigoi Kuning
Kingoi Keemasan
Gingoi Putih Keperakan
Karasugoi, Sumigoi Kabeh ireng


2 Werna

Jeneng iwak Variasi werna awak
Kohaku Awak werna putih kanti werna abang nutupi sebagian geger
Tancho-kohaku Putih-abang, ndase belang
Shiro-bekko Putih belang ireng
Shiroutsuri ireng belang putih
Ki Utsuri Ireng belang kuning
Hi utsuri Ireng belang abang
Aka-bekko Abang belang ireng
Asagi Biru-Abang


3 Werna

Jeneng iwak Variasi werna awak
Taisho-sanshoku Werna awak putih kanti corak werna abang, tapi campur karo ireng
Showa-sanshoku campuran antarane ireng, abang, lan putih ing sekabehane awak


4 Werna utawa luwih

Jeneng iwak Variasi werna awak
Goshiki 5 werna

Cara ternak iwak koi [sunting]

  • Milih iwak koi kang apik (berkuwalitas)

Kang perlu digatèkaké sakjroné milih iwak koi yaiku:

  1. Bentuk awak (lurus, bunder ananging ora terlalu lemu).[3]
  2. Gayané renang (tenang kandang nglenggak-nglenggok kanti imbang).[3]
  3. Warna lan pola warna (cemerlang, jelas).[3]
  4. Keséhatan (aja milih koi kang lemes).[3]
  5. Ora gelem obah lan senengé ana ing duwur terus).[3]
  • Nyiapaké blumbang kang trep

Blumbang kanggo iwak koi kudu resik, kanggo bentuké isa persegi panjang utawa bundér.[4] Sing penting aja lali gatékaké kuwalitas banyu, yaiku kudu 24-26 derajat celsius.[4] pH 7,2 - 7,4.[4] Kandutan karbon dioksida maksimal 10 pp, dan kandutan nitrit maksimal 0,2.[4]

  • Pakan

Pakan kang diwènèhaké bakal ngaruh kanggo tampilan werna iwak koi.[4] Pakan kang apik kanggo iwak koi yaiku pakan kang akèh ngandut protèin héwani lan nabati lan nduwèni multivitamin. Kebutuhan pakan iwak koi yaiku 3-5 saka jumlah bobot iwak.[4]

  • Penyakit

Iwak koi kalebu iwak kang ora tahan banting.[5] Mula saka iku rentan saka pira-pira penyakit.[5] Kang kerep dikeluhaké dening para peternak iwak koi yoiku infeksi jamur. Anata jamur kang kerep nginfeksi yaiku:

  1. Saprolegnia
  2. Branchiomycosis
  3. Icthyophonus
  • Panen

Dawa iwak koi kang wis isa dipanen yaiku kira-kira 20cm.[4] Aja lali misah-misahaké ukuran dawa iwak koi ing wayah panèn supaya gampangaké anggoné ngétung asilé.[4]

Catetan sikil [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l [1], Kaunduh 2/10/2012.
  2. ^ [2], Kaunduh 2/10/2012.
  3. ^ a b c d e [3], Kaunduh 3/10/2012.
  4. ^ a b c d e f g h [4], Kaunduh 3/10/2012.
  5. ^ a b [5], Kaunduh 3/10/2012.

Pranala Jaba [sunting]

[6] [7] [8] [9] [10]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Iwak_koi&oldid=837624"