Iwak Nus
| Iwak Nus | |
|---|---|
| Mastigoteuthis flammea | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Mollusca |
| kelas: | Cephalopoda |
| Subkelas: | Coleoidea |
| Superorder: | Decapodiformes |
| ordo: | Teuthida A. Naef, 1916b |
| Subordo | |
Iwak Nus (basa Indonésia: cumi-cumi), iku kalebu kelompok kéwan cephalopoda gedhé utawa moluska kang urip ing segara. [1]Jeneng cephalopoda ing basa Yunani tegesé sikil lan sirah, awit sikil kang kepisah dadi tangan-tangan kang ngubengi ndhas.[1] Kayata kabeh cephalopoda, iwak nus dipisahké kanthi nduwéni ndhas kang béda.[1] Akson iwak nus iki nduwéni dhiamétér 1 mm. [1]Iwak Nus akéh dimanfaataké kanggo panganan lan masakan.[1]
Iwak Nus kalebu golongan kéwan ivertebrata tegesé ora nduwé tulang belakang.[1] Salah siji jinis iwak nus kang urip ing laut kang jero yaiku Heteroteuthis kang nduwéni kabisan kanggo mancaraké cahya.[1] Organ kang ngetokaké cahya iki manggon ing pucuk juluran dawa kang paling methongol mengarep. [1]Iki disebabaké prastawa iluminasi kang kadadéan ing iwak nus.[1] Heteroteuthis nyemprotaké cairan yèn krasa keganggu.[1] Cairan iki fungsiné padha karo iwak nus biyasa kang nyemprotaké mangsi werna ireng nalika krasa keganggu.[1]
Anatomi [sunting]
Iwak nus nduwéni awak bentuk pipa lan ndhas kang sampurna.[2] Iwak nus nduwé tangan kang cacahé 10 lan dawa. Ing tangan iki ana mangkok kang bisa ngisep.[2] Tangan iki gunané kanggo njiret mangsané banjur disuwék nganggo rahang kang kuwat kang mirip kaya cucuk kewan. [2]Iwak nus ngisep banyu saka rongga pusat awaké, rongga mantel lan ngetokaké saka pembuluh kang lentur kang diarani sifon. [2]Sifon iki manggon ing mburi tangan.[2] Awit saka ilining banyu kang ndadékaké iwak nus nglangi mundur.[2] Sirip iwak nus asalé saka 2 mantel kang kaya cuping.[2] Sirip iki dadi setir.[2] Matané iwak nus ora nduwé kelopak mata ananging katon kaya mripat menungsa.[2] Iwak nus nduwé jantung cacahé telu lan getih wernané biru.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.