Iwak Brek
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 66 dinten 140 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Brek | |
|---|---|
| Brek, Puntius orphoides, dari Mandalamekar, Jatiwaras, Tasikmalaya |
|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Cypriniformes |
| kulawarga: | Cyprinidae |
| Genus: | Puntius |
| Species: | P. orphoides |
| Jeneng binomial | |
| Puntius orphoides (Valenciennes, 1842)[1] |
|
| Sinonim | |
|
Barbus rubripinna van Hasselt, 1823 (nomen nudum) |
|
Brek utawi mata merah ( Puntius orphoides ) menika satunggaling jinis iwak toya tawar anggota suku Cyprinidae. Ulam menika nyebar kanthi wiyar wonten ing Indocina lan Kepuloan Sunda [3]. Nama sanèsipun kanggé ulam menika ing antawisipun maroca, marococa, wadonon (Betawi); brek, pekiseh, lunjar, wader (Jawa); lan sisik milik, ampa (Sunda)[4]. Ing Tasikmalaya, ulam menika ugi kawéntar kanthi sebutan beureum panon. Wonten ing Basa Inggris ulam brek menika kawéntar kanthi nama Javaen Barb. Ing dhaérah Banyumas lan dhaérah Purbalingga ulam menika dipunwastani ulam brek. Ulam menika dèrèng kawéntar sanget amargi dèrèng dipunbudidaya [5].
Morfologi [sunting]
Ulam ingkang kagungan ukuran awak sedengan kanthi dawa total dumgugi 250 mm. Gurat sisi kirang langkung 31-34 buah. 5-5½ sisik ing antawisipun sirip dorsal kaliyan gurat sisi. Batang buntut dipunubengi dening 16 sisik. Eri-eri ingkang atos pungkasan wonten ing sirip dorsal kanthi gerigi alus 30. Sirip buntut kanthi pinggir nginggil lan ngandhap gadhah warna ireng, bintik ireng ugi wonten ing buntut. Ulam brek ingkang enèm wonten larikan bintik ireng ing sedawaning larikan sisikipun [3].
Kebiasaan [sunting]
Ulam brek menika ulam ingkang kalebet jinis karnivora ingkang mangsanipun serangga, bekicot, lan sanèsipun [6]. Kanthi alami, ulam brek menika saged dipunpanggihaken wonten ing lèpèn, waduk, lan tlaga, ananging wonten ugi ing kolam-kolam. Kejawi dipun-konsumsi ulam brek menika ugi dipunmanfaataken dados ulam hias lan dados sadéan.
Sebarau utawi hampal ( Hampala macrolepidota ) gadhah pola warni ingkang sami kaliyan ulam brek. Ananging sebarau gadhah awak ingkang langkung dawa, moncong ingkang langkung lancip, sisik-sisik menika langkung ageng, sarta wonten belang ireng ing sisih wetengipun déné menawi ulam brek wonten belang irengipun ing buntut.
Ulam brek menika kathah dipunsade wonten ing dhaérah Purbalingga lan dhaérah Banyumas. Kangge nuruti panyuwunan pasar samenika ulam brek dipuncekel langsung saking habitat aslinipun saéngga dipunkhawatiraken kedadosan over eksploitasi. Amargi wonten indikasi bilih ukuran ulam brek ingkang dipuncekel sansaya sekedhik lan sansaya alit populasinipun. Ulam menika dèrèng memasarakat amargi dèrèng dipundamel budidayanipun [5].
Cathetan suku [sunting]
- ^ Puntius orphoides (Valenciennes, 1842)
- ^ Cuvier, G. and A. Valenciennes. 1842. Histoire Naturelle des Poissons, XVI: 193. Paris (Levrault).
- ^ a b Kottelat, M., A.J. Whitten, S.N. Kartikasari, S. Wirjoatmodjo. 1993. Ikan Air Tawar Indonesia Bagian Barat dan Sulawesi. Periplus Edition (HK) Ltd. dan Proyek EMDI KMNKLH Jakarta. hal 59.
- ^ Weber, M. and L.F. de Beaufort . 1916. The Fishes of The Indo-Australian Archipelago III:194-195. E.J. Brill. Leiden.
- ^ a b [1], (id) Ikan brek (dipun-akses tanggal 11 Januari 2013).
- ^ Umar, C., S. Makmur, & DWH. Tjahjo. 2007. Kebiasaan makan beberapa jenis ikan dan relung ekologi di Danau Sentani, Papua. Torani 17 (2): 93-99, Juni 2007