Iwa-K
| Iwa-K | |
|---|---|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Iwa Kusuma |
| Lair | 25 Oktober 1970 (umur 42) |
| Jinis Musik | Rap |
| Perdamelan | rapper, pambyawara, aktor |
| Taun aktif | 1989 - saiki |
| Parusahan rekaman | Musica Studio's Guest Music Production |
| Hubungan | |
| Pasangan | Selfi Nafilah |
Iwa-K utawi Iwa Kusuma miyos wonten Bandung tanggal 25 Oktober 1970. [1] Iwa K menika salah setunggaling penyanyi ingkang nggadhahi aliran rap ingkang asalipun saking Indonésia.[2] Iwa K menika anak nomer kalih saking sedhérék ingkang cacahipun sekawan.[1] Iwa K sampun ndamel grup rap nalika taksih sekolah wonten ing SMA.[2] Iwa K lajeng misuwur kaliyan uest Band, Macan' Riupasa, Tori Sudarsono, Yudis DwiKorana, Satya "Nti" M & Gustav saha wiwit mlebet studio rekaman.[2] Album ingkang sampun dipunrilis inggih mneika album ingkang irah-irahanipun Tak Kan nalika taun 1989, lajeng album Meliyana Manuhutu 'Beatify' nalika taun (1990) ingkang dipunrilis wonten ing Jepang.[2] Nalika taun 1993, Iwa nedahaken menawi piyambakipun rapper lumantar album kanthi irah-irahan Kuingin Kembali.[2] Sasampunipun setunggal taun, Iwan lajeng pikantuk penghargaan arupi BASF Award saking album kaping kalih kanthi irah-irahan Topeng.[2] Album salajengipun inggih menika Kramotak nalika taun 1996 saha Mesin Imajinasi (1998).[2] Album-album menika sukses ing pasaran.[2] Kejawi dados rapper, Iwa-K ugi dados presenter olahraga.[2] Iwa K ugi nampa penghargaan saking Panasonic Award tigang taun dangunipun kanthi kategori presenter olahraga jaler paling saé.[2] Iwa K ugi akting sinetron sha film. [2]Sinetron ingkang dipunbintangi Iwa K irah-irahanipun BUNG JENDERAL saha film layar lebar KULDESAK.[2] Sasampunipun pacaran dangunipun tigang taun, Iwa banjur nikah kaliyan Selfi nalika tanggal 4 Mei 2007.[2] Iwa saha Selvi banjur kolaborasi wonten ing dhuet album kang unik, amarga nggabungaken unsur rap kaliyan dhangdhut.[2] Album menika irah-irahanipun YIN DAN YANG ingkang dipunrilis taun 2009.[2]
Cathetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.