Istana Hirosaki
| Istana Hirosaki |
|
|---|---|
| 弘前城 | |
Istana Hirosaki |
|
| Informasi umum | |
| Lokasi | Hirosaki, Prefektur Aomori, Jepang |
| Koordinat | 40°35′30″N 140°28′30″E / 40.59167°N 140.475°E |
| Dhuwur | 5 tingkat (data tidak jelas, dibangun 1610) sudah musnah terbakar; hasil pembangunan kembali pada tahun 1810: menara pengawas (yagura) 3 tingkat |
Istana Hirosaki (弘前城 Hirosaki-jō?) iku salah sijine istana Jepang ing Kota Hirosaki, Prefektur Aomori, Jepang. Istana iki dibangun pisannan ing taun 1611, lan dadi istana panggone klan Tsugaru uga dadi kantor pemerintahan Domain Hirosaki. jeneng liya istana iki Istana Takaoka (鷹岡城 atau 高岡城 Takaoka-jō?).
Ing Istana Hirosaki isih ana menara utama lan menara pengawas kang digawe nalika jaman Edo. Ing Istana Hirosaki kurang luwih ana 2.600 wit sakura, lan dikenal ing Jepang minangka panggonan kanggo hanami.[1]
Nalika jaman Edo, Istana Hirosaki iku dadi pusat pamrentahan Tsugaru. Sing nguwasani istana iku klan Tsugaru kang nguwasani Domain Hirosaki kang cacahe 47.000 koku. Saka tata panggonane, istana Hirosaki kagolong hirayamajiro (bangunan kang dideke ing bukit kang ana ing dataran). Dideleng saka tipe istanane, istana iki dibangun kanthi gaya teikaku-shiki (wujud pertahanan tingkat) kang ngandelake alangan saka alam ing saburine istana..[2] Kompleks istana kagawe saka 6 bagena pertahanan, benteng bagena jero (honmaru) lan dijaga dening benteng pertahanan 2, 3, lan 4, kubu pertahanan lor, dan kubu pertahanan kulon.
Cathetan sikil [sunting]
- ^ "Hirosaki Castle". http://www.jcastle.info/castle/profile/43-Hirosaki-Castle. Retrieved 2010-04-26.
- ^ "城について". http://homepage1.nifty.com/saga-t/kappa/watashi/shiro/shiro-nawabari.html. Retrieved 2010-04-24.