Istana Himeji
| Istana Himeji* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
| Negara | |
| Tipe | Budaya |
| Kriteria | i, iv |
| Referensi | 661 |
| Wilayah† | Asia-Pasifik |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1993 (Sèsi ke-17) |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
Istana Himeji (bahasa Jepang: 姫路城, Himeji-jō) iku salah siji istana kang ana ing kutha Himeji, Prefektur Hyogo, Jepang. Miturut propinsi jaman biyen, istana iki kalebu ing Harima-no-kuni, Shikito-gun, Himeji.[1] Istana iki rupane putih kabeh tekan tegele, dadi istana iki uga diarani istana manuk kuntul putih (basa Jepang: 白鷺城, Shirasagi-jō).[1] Istana Himeji iku salah siji tuladha arsitektur istana saka abad ka-17.[1]
Istana Himeji ora tau kena bebaya saka perang, lan ora tau direbut karo musuh, dadi istanane akeh kang isih wutuh. Pamarentahan Jepang netepake 8 bangunan kayata, menara utama, menara cilik, lan Watari-yagura kang ana ing jero komplek istana minangka pusaka negara. Saliyane iku, werna-werna bangunan kanthi cacahe 74 bangunan ing sajerone istana (27 bangunan Yagura/Watari-yagura, 15 bangunan gerbang, 32 bangunan tembok) ditetepake minangka budaya kang penting.[2]
Istana Himeji dianggep tinggalan budaya sing diduweni negara kang penting. Ing taun 1993 UNESCO nglebokake Istana Himeji ing daptar Situs Warisan Dunia kategori warisan budaya.
Saka kadohan, istana iki katon éndah kanthi tembok kang wernane putih. Istana iki uga asring digunakake kanggo gawe pilem kanthi cerita sajarah Jepang jaman biyen. Istana iki uga asring digunakake kanggo istana pengganti, kaya Istana Edo.
Pranala Jaba [sunting]
- (en) http://www.himeji-castle.gr.jp/ Virtual Tour Istana Himeji
- (ja) http://www.himeji-kanko.jp/castle/ Foto-foto dan penjelasan mengenai Istana Himeji
- (ja) http://www.ryokka.jibasan.or.jp/kokoen/ Situs web Taman Koko-en
- (en) http://www.aisf.or.jp/~jaanus/ Terminologi arsitektur Jepang
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c (id)repository.usu.ac.id
- ^ (id)www.kolakaboy.us