Istana Fontainebleau

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Istana Fontainebleau*
Situs Warisan Donya UNESCO

The central range of Fontainebleau: patterned parterres have been replaced with lawn.
Negara Prancis
Tipe Budaya
Kriteria ii, vi
Referensi 160
Wilayah Éropah
Sajarah prasasti
Prasasti resmi 1981  (Sèsi 5th)
* Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya.
Miturut klasifikasi resmi UNESCO.

Istana Fontainebleau utawi Château de Fontainebleau inggih menika salah satunggalipun istana ingkang wonten ing Prancis.[1] Tebihipun watawis 40 mil saking Kutha Paris.[2] Istana Fontainebleau sampun dipun-ginakaken raja-raja Prancis awit abad ka-12.[1] Istana menika mapan ing satengahing wana Fontainebleau ingkang wiyaripun 17 hèktar.[1] Sadèrèngipun dipunéwahi, istana menika mapan ing wana ingkang wiyar ing Île-de-France, salajengipun dipunéwahi lan dipunwiyaraken malih déning François I ing abad ka-16.[1] François I kagungan pikajeng badhé damel istana kasebat saéngga mémper kados istana-istana ing Kutha Roma.[1]

Istana Fontainebleau ingkang asring sinebat Istana Italianate menika dipunkupengi taman ageng.[3] Wangunan menika nggabungaken seni arsitèktur Renaisans lan tradisi artistik Prancis.[3] Istana lan taman Fontainebleau sampun kadhaptar minangka situs warisan donya UNESCO awit taun 1981.[3]

Arsitèktur lan dhékorasi Istana Fontainebleau kalebet karya ageng artistik Prancis-Éropah.[4] Dipundamel kanthi pambiyantu seniman saking Italia, ingkang nepangaken éstetika rénaisans dhateng Prancis.[4] Istana menika dados salah satunggaling situs paling penting lan merbawani ing Prancis.[4] Pambangunan istana karajan dipunwiwiti saking pamaréntahan François I.[4] Modhifikasi istana salajengipun dipunterasaken ing abad ka-19.[4] Wonten ing wekdal samangké Istana Fontainebleau kapérang dados gangsal latar lan dipunkupengi taman lan wangunan sanès ingkang dipuntata kanthi saé.[4]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Wangunan menika dipunwangun antawisipun taun 1528 ngantos 1540 kanthi pangawasan arsitèk Gilles le Breton, ingkang nyepeng tanggel jawab damel wangunan Pengadhilan Oval, samenika mapan ing sawétaning kompléks istana.[4] Awit taun 1533-1540 Rosso Fiorentino damel dhékorasi lukisan tembok lan mléster.[4] Francesco Primaticcio nyepeng tanggel jawab kanggé pangecoran prunggu ingkang wonten ing istana menika.[4]

François I saking Prancis, pangadeg Istana Fontainebleau

Taun 1530 Rosso Fiorentino (1494-1540) seniman saking Florentine, Perino del Vaga (1501-1547) saking Roma, lan tukang lukis Francesco Primaticcio (1504-1570) saking Mantua dugi dhateng Prancis.[5] Kanthi arahan Rosso Fiorentino, para seniman menika mbangun wangunan tambahan ing kompléks istana arupi wangunan sekolah Fontainebleau.[5] Tigang seniman menika damel karya wangunan kanthi tambahan seni lukis lan dhékorasi interior ing Istana Fontainebleau.[5]

François I nyuwun pambiyantunipun seniman Italia kados Leonardo da Vinci lan Benvenuto Cellini kangge ndamel éndahing istana Fontainebleau.[6] Benvenuto Cellini damel reca Diane, Vénus lan Jupiter.[6] Tukang lukis Italia Rosso Fiorentino lan Primatice (1504-1570) rawuh ing Prancis kanggé ndamel hiasan kamar ing istana menika.[6] Tembok-tembok ing sacaketipun monumen dipuntambahi hiasan arupi tokoh/paraga-paraga mitologi.[6] Galéri Castle lan Galéri François I, dipunparingi pamanis (hiasan) kanthi lukisan karyanipun Rosso Fiorentino ingkang nggambar Déwa Olympus.[6] Pamanis permadani lan karpèt karyanipun Primatice ugi dipunpasang ing Istana Fontainebleau.[6]

Sasampunipun Rosso Fiorentino tilar donya taun 1540, Francesco Primaticcio dados sesulihipun Rosso minangka pandheganing proyék Istana Fontainebleau.[5] Kanthi arahan saking Primaticcio, modhél interior istana dipuntambahi manéka tambahan kados warni-warni ingkang padhang, lan ing tembok dipunpajang gambar-gambar lukisan tokoh.[5]

Primaticcio lajeng nimbali seniman Niccolò dell'Abbate (1512-1571) saking Modena kanggé mbiyantu padamelanipun.[5] Nicollo paring pambiyantu arupi nambahi dhékorasi ing Galéri François I, Galeri d'Ulysse, lan Salle de Bal.[5] Nicollo nambahaken dhékorasi kanggé gendhung Galeri François dipunatur kanthi arsitèktur lan pajangan lukisan.[5] Modhél galeri dipunparingi pamanis arupi lukisan naratif, dipuntambah reca, lan dhékorasi sanèsipun ingkang taksih wonten ngantos samangke.[5]

Taun 1540-an, satunggaling klompok seniman ingkang dipunpandhégani Primaticcio damel téknik céthak énggal kanggé damel karya lukisan minangka pamanis istana Fontainebleau.[5] Ing klompok menika wonten tukang lukis Antonio Fantuzzi saking Bologna lan tukang lukis saking Prancis Jean Mignon, lan tukang ngukir Leon Davent.[5] Awit saking panjurung para seniman kalawau damel karya céthak lukis lan dhékorasi, Istana Fontainebleau saged nilaraken karya seni ingkang kathah.[5]

Wekdal Prancis dipunpandhégani Raja Napoléon (1769-1821), panjenenganipun maréntahaken supados sedaya piranti Istana Fontainebleau dipun-gantos piranti énggal.[7] Bab menika dipunsebabaken istana menika badhé dados papan jumenengan Raja Napoléon déning Paus taun 1804.[7] Istana Fontainebleau ugi dados papan klangenaning Raja Napoléon.[7] Panjenenganipun damel singgasana raja dados sae kanthi pamanis arupi karpet lan dhékorasi ingkang éndah.[7] Raja Napoleon ndadosaken istana menika minangka pralambanging kaagunganipun raja.[8]

Taun 1944 Istana Fontainebleau dipun-ginakaken basis koordinasi Sekutu Komandho Inggris kanggé pambebasan Éropah.[9]

Konstruksi[sunting | sunting sumber]

Istana Fontainebleau dipunwangun lan dipunkembangaken saking satunggaling wangunan bèntèng.[10] Bab menika dipunbuktékaken saking piagam ingkang dipunserat déning Louis VII taun 1137.[10] Saking satunggaling bukti arupi serat/layang saking Charles VII tanggal 1431 nedahaken bilih Istana Fontainebleau dipunwangun ing kawitaning abad kaping gangsal welas.[10]

Wekdal taun 1528, François I ngrobohaken sapérangan ageng saking wangunan bèntèng lan dipunéwahi, lajeng dipundamel fondhasi énggal ingkang samenika dados wangunan Oval.[10] Salajengipun dipunwangun galéri, menara, taman, lan kolam.[10] Sasampunipun istana dados lajeng dipunparingi pamanis (hiasan) arupi lukisan lan ukiran karya seniman gaya rénaisans saking Italia.[10] Manéka piranti antik, lukisan, reca, lan seni kanthi kwalitas saé lajeng dipuntambahaken ing istana menika.[10]

Wangunan ing Kompléks Istana Fontainebleau[sunting | sunting sumber]

Galéri François I
Kapél Triniti
Kamar Napoléon I
Ruwang Throne
Ruwang de l'abdication

Galéri François I[sunting | sunting sumber]

Galéri François I dados satunggaling wangunan renaisans misuwur ing Prancis.[11] Galéri François I dipunwangun taun 1528.[12] Wangunan galéri François I dipunrancang déning Rosso Primaticcio saking Italia.[13] Kanthi rancangan arsitèk Rosso dipunasilaken galéri kanthi pajangan lukisan lan panél kayu ingkang mujudaken modhél arsitèktur "à la française".[13] Lukisan karya Fiorentino dipunkombinasikaken kaliyan lukisan semèn, ukiran lan kajeng kanthi pikajeng damel gaya dhékoratif.[14] Ing galéri menika dipunpajang lukisan ingkang nggambaraken Déwa Olympus.[14] Sanèsipun lukisan Olympus, dipunpajang kalih welas lukisan naratif, réliéf, reca, lan ukir-ukiran.[14]

Muséum Napoléon I[sunting | sunting sumber]

Ing muséum ingkang manggén ing kompléks Istana Fontainebleau menika dipunsimpen piranti-piranti tilaranipun kaisar lan kulawarginipun.[13] Piranti tilaran kaisar kados furnitur, seni lukisan, reca, gaman, ageman, kramik lan dhokumén sajarah.[15] Kanggé damel muséum menika, Napoléon nelasaken arta kalih welas yuta franc sadangunipun sedasa taun.[16] Wekdal Révolusi Prancis wangunan menika risak lan dipunwangun malih tanggal 20 April 1814.[16]

Kapél Triniti[sunting | sunting sumber]

Ing wangunan menika dipunpajang lukisan Henri IV karyanipun Martin Fréminet.[13] Taun 1725 ing kapél menika dipunwontenaken pahargyan palakraminipun Louis XV kaliyan Marie Leszczinska.[13] Taun 1810 Raja Napoleon III dipunbaptis ing kapél menika.[13] Taun 1605 Raja Henri IV nambahaken kubah ing wangunan menika.[17] Karya lukisan ingkang kawitan dipunpajang taun 1608.[17] Ing kubah kapél dipuntambahi manéka pamanis arupi dhékorasi, céthakan saking semén, lan dipuncat.[17] Wonten ing mimbar kapél wonten karya lukis ingkang nggambaraken: Madhepipun Allah dhateng Nuh ingkang nitih kapal, gambar-gambar malaikat, Yésus Kristus ing penghakiman ingkang pungkasan, lukisan malaikat jibril, wolung raja-raja Israèl lan Yahudi, para leluhur lan nabi.[17]

Apartemén Napoléon I[sunting | sunting sumber]

Apartemén menika dipunjangkepi kamar lan lukisan ingkang misuwur sasampunipun panjenenganipun mandhap keprabon (mboten dados raja malih) ing taun 1814.[13] Sanèsipun menika, wangunan Apartemén Napoléon ugi taksih njagi karya dhékorasi tilaranipun Louis XVI.[18] Dhékorasi ruwangan dipuntambahi pamanis lan dhékorasi sanès déning Simon Frederick Moench taun 1811.[18] Ruwangan menika ugi dipunjangkepi karpét tenunan ing taun 1809.[18]

Ruwang de l'abdication[sunting | sunting sumber]

Satunggaling ruwang ing istana ingkang dipunwangun taun 1808.[19] April 1814 Napoléon napak asmani serat mandhap saking jabatan raja Prancis ing wangunan menika.[19] Piranti ruwangan tilaran Napoléon taksih dipunjagi ing ngriki ngantos dumugi samenika.[19]

Wangunan Ballroom[sunting | sunting sumber]

Dipunwangun ing mangsa pamaréntahanipun François I lan purna wekdal jaman Henri II.[13] Ing wangunan menika dipunpajang lukisan karyanipun Primaticcio lan Nicollo dell'Abate, sarta ubin lan langit-langit ingkang dipunripta Louis Philippe.[13]

Wangunan Ratu Boudoir[sunting | sunting sumber]

Wangunan menika dados tandha kamajenganipun arsitèktur Prancis abad-18.[13] Dhékorasi wangunan menika dipunripta Marie-Antoinette.[13]

Wangunan Dhéwan[sunting | sunting sumber]

Wangunan menika dipundhékor lan dipunpajang lukisan déning Carl Van Loo lan Jean Baptiste Pierre.[13]

Wangunan Throne[sunting | sunting sumber]

Wangunan menika dados papan saré Raja Henri IV lan Louis XVI.[13]

Wangunan Pengadilan[sunting | sunting sumber]

Wangunan karya arsitèk Primaticcio menika dipunwangun ing taun 1750.[13] Wangunan Pengadilan dipunwangun ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV lan Louis XIV.[13] Wangunan menika dipunjangkepi kolam ulam.[13]

Wangunan Oval[sunting | sunting sumber]

Wangunan Oval dipunwangun ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV.[13] Wangunan menika dipunjangkepi kubah ageng ing taun 1601.[13] Raja Louis XIII dipunbaptis ing Gedhung Oval taun 1601.[13] Wangunan Oval dipunwangun kanthi arsitèktur gaya rénaisans.[12]

Muséum Cina[sunting | sunting sumber]

Museum menika dipunwangun taun 1863 kanggé Ratu Eugenie.[13] Muséum Cina ngempalaken manéka warni koléksi saking Cina klangenanipun Ratu Eugenie.[13] Muséum Cina menika dipunrénovasi taun 1984.[13]

Sesawangan Istana Fontainebleau[sunting | sunting sumber]

Istana Fontainebleau, Prancis
Istana Fontainebleau, Prancis

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e (en)castles.org. "Fontainebleau". castles.org. http://www.castles.org/castles/Europe/Western_Europe/France/france20.htm. Retrieved 6 April.
  2. ^ (en)buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. http://www.buffaloah.com/a/virtual/fr/font/ext/. Retrieved 13 April.
  3. ^ a b c (en)france.fr. "The Palace of Fontainebleau". france.fr. http://www.france.fr/en/art-and-culture/palace-fontainebleau. Retrieved 6 April.
  4. ^ a b c d e f g h i (en)whc.unesco.org. "Palace and Park of Fontainebleau". whc.unesco.org. http://whc.unesco.org/en/list/160. Retrieved 8 April.
  5. ^ a b c d e f g h i j k l (en)metmuseum.org. "Fontainebleau". metmuseum.org. http://www.metmuseum.org/toah/hd/font/hd_font.htm. Retrieved 11April.
  6. ^ a b c d e f (en)georgianindex.net. "Fontainebleau". georgianindex.net. http://www.georgianindex.net/Napoleon/Fontainebleau/Fontainebleau.html. Retrieved 8 April.
  7. ^ a b c d (en)castles.org. "Fontainebleau". castles.org. http://www.castles.org/castles/Europe/Western_Europe/France/france20.htm. Retrieved 11April.
  8. ^ (en)buffaloah.com. "Fontainebleau". buffaloah.com. http://www.buffaloah.com/a/virtual/fr/font/ext/. Retrieved 13 April.
  9. ^ (en)buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. http://www.buffaloah.com/a/virtual/fr/font/ext/. Retrieved 13 April.
  10. ^ a b c d e f g (fr)la-seine-et-marne.com. "Construction d'une résidence royale ". la-seine-et-marne.com. http://www.la-seine-et-marne.com/chateau-fontainebleau.html. Retrieved 17 April.
  11. ^ (en)panoramadelart.com. "Galerie François Ier". panoramadelart.com. http://www.panoramadelart.com/galerie-francois-1er-chateau-de-fontainebleau. Retrieved 15 April.
  12. ^ a b (en)werbeka.com. "FONTAINEBLEAU CASTLE". werbeka.com. http://www.werbeka.com/schloss/frankr/fontaine.htmm. Retrieved 11 April.
  13. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (en)bonjourlafrance.com. "France Tourist Attractions - Fontainebleau Castle and Forest". bonjourlafrance.com. http://www.bonjourlafrance.com/france-tourist-attractions/fontainebleau-forest-castle.htm. Retrieved 11 April.
  14. ^ a b c (en)artble.com. "Galerie of Francois I". artble.com. http://www.artble.com/artists/rosso_fiorentino/paintings/galerie_of_francois_i. Retrieved 15 April.
  15. ^ (fr)lankaart.orgmusee-chateau-fontainebleau.fr. "Le musée Napoléon Ier (1986)". musee-chateau-fontainebleau.fr. http://www.musee-chateau-fontainebleau.fr/Le-musee-Napoleon-Ier-1986. Retrieved 15 April.
  16. ^ a b (fr)la-seine-et-marne.com. "Fontainebleau Le Château". la-seine-et-marne.com. http://www.la-seine-et-marne.com/chateau-fontainebleau.html. Retrieved 17 April.
  17. ^ a b c d (en)archivesdefrance.culture.gouv.fr. "Martin Fréminet : décor de la chapelle de la Trinité". archivesdefrance.culture.gouv.fr. http://www.archivesdefrance.culture.gouv.fr/action-culturelle/celebrations-nationales/2008/arts/martin-freminet-decor-de-la-chapelle-de-la-trinite. Retrieved 15 April.
  18. ^ a b c (fr)lankaart.org. "Fontainebleau - Napoléon et l'Empire". lankaart.org. http://www.lankaart.org/article-fontainebleau-napoleon-et-l-empire-109218176.html. Retrieved 15 April.
  19. ^ a b c (fr)lankaart.org. "Salon de l'abdication, Fontainebleau". lankaart.org. http://fr.topic-topos.com/salon-de-l-abdication-fontainebleau. Retrieved 17 April.

Pranala Njawi[sunting | sunting sumber]