Ira Maya Sopha

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ira Maya Sopha
Lair Hyra Maya Sopha
21 Maret 1968 (umur 44)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonésia
Jeneng liya Ira Maya Sopha
Pagawéyan Aktris, Penyanyi
Taun aktif 1979 - saiki
Garwa Ari Anto (pegatan)
Anak Callista, Devara, Kyla, Raffa

Hyra Maya Sopha (lair ing Jakarta, 21 Maret 1968; umur 44 taun).[1] Hyra Maya Sopha luwih ditepungi kanthi jeneng Ira Maya Sopha.[1] Ira Maya Sopha yaiku salah sijiné penyanyi lan pemain film Indonésia.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Karir

[sunting] Penyanyi cilik

Ira ditepungi dadi penyanyi cilik nalika éra 80-an.[1] Ira iku sakangkatan karo penyanyi - penyanyi kayata Chicha Koeswoyo, Dina Mariana, Diana Papilaya, Nourma Yunita, Ria Irawan lan Adi Bing Slamet.[1] Nalika misuwur dadi penyanyi cilik Ira Maya Sopha kerep diidhèntikaké karo tokoh dongèng Cinderella ing operèt Cinderella kang tau dipéntasaké nalika taun 1978.[1] Nalika iku, Ira Maya Sopha péntas bareng karo Dina Mariana.[1]

Sawise suwé ora tau metu ing donyaning hiburan, Ira banjur dadi bintang film ing film kang judhulé Berbagi Suami.[1] Film iki digawé nalika taun 2006.[1] Sawisé iku, Ira uga dadi bintang ing film Quickie Express nalika taun 2007.[1] Ira Maya Sopha uga dadi salah sijiné juri ing ajang panggolèkan bakat bocah-bocah kang jenengé Idola Cilik.[1] Acara iki disiyaraké ing salah sijiné stasiun tivi swasta yaiku RCTI.[1]

Ira tau éntuk bebungah Piala FFI taun 2007 lumantar film kang judhulé Berbagi Suami.[2] Saliyané iku Ira uga éntuk bebungah SCTV FTV Awards 2011 kategori pameran utama wabita paling apik ing film tivi Papi, Mami & Tukang Kebun. [2]

[sunting] Keluwarga

Nalika taun 2006, Ira nggugat pegat bojoné yaiku Ari Anto.[1] Nalika iku, Ira wis nikah karo Anto kang suwéné 12 taun.[1] Pegatan iki amarga bojoné arang komunikasi karo anak-anaké uga arang ing omah.[1] Saka palakramané karo Ari Anto, Ira maya Sopha nduwé anak kang cacahé papat.[1] Anak-anaké Ira yaiku Callista (16), Devara (13), Kyla (11), lan Raffa (6).[1] Anaké Ira Maya Sopha kang jenengé Callista dadi juwara enem saka ajang AFI Junior 1.[1]

[sunting] Chatetan sikil

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r (id)selebriti.kapanlagi.com(diundhuh tanggal 15 Juli 2011)
  2. a b (id)http://entertainment.kompas.com/read/2011/07/15/04594159/Keberuntungan.Ira.Maya.Sopha.di.FTV.Awards entertainment.kompas.com](diundhuh tanggal 15 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ira_Maya_Sopha&oldid=678466"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès