Inul Daratista

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Inul Daratista
Inul Daratista 2004.JPG
Latar mburi
Jeneng lair Ainur Rokhimah
Lair Pasuruan, Jawa Wétan,Indonésia
Perdamelan penyanyi, aktris
Taun aktif 2000 - saiki
Pasangan Adam Suseno
Anak Yusuf Ivander Damares

Inul Daratista yaiku salah sawijining artis dhangdhut kang kondhang saka goyang ngebore.[1] Inul lair ana ing Pasuruan,Jawa Timur tanggal 21 Januari 1979 kanthi nama asli Ainur Rokhimah .[2]Bapake Inul yaiku Abdullah Aman lan Ibune yaiku Rufia.[2]Inul salah sawijining artis dangdut kang mlebu nominasi Penyanyi dhangdhut wanita tersohor ing ajang ADP-TPI 2005.[3]Goyang ngebore Inul ngundhang akeh banget kontroversi.[3]Salah sawijining pihak kang nentang goyang ngebore Inul yaiku H.Rhoma Irama si raja Dhangdhut.[3] Kala biyen,Inul ora bisa nuntasake pendhidhikan SMA amarga katerbatasan biaya.[4] Mula Inul nyoba ngadu nasib ing Jakarta dadi penyanyi dhangdhut kanggo nyukupi kabutuhan uripe dheweke lan kaluwargane.[4]Saiki,sakliyane dadi penyanyi Inul uga dadi enterpreunership sukses kanthi usaha karaoke kang diarani Inul Vista.[4] ing taun 2011 kala wingi, Inul ngrilis lagu single pop kang esih ana aksen dhangdhute.[5]Ing lagu pop iki, Inul uga tetep nunjukake goyang ngebor kang wis dadi ciri khase.[5]

Bab lan Paragraf

[sunting] Karier

Inul Daratista miwiti karier panggung minangka penyanyi dangdut liwat acara-acara rakyat ing dhaérah Pasuruan, Jawa Wétan. Tanpa diweruhi, aksi panggungé direkam vidéo. Vidéo iki banjur disebar jroning format VCD menyang ngendi-endi. Bab iki sing nyurung jeneng Inul dadi misuwur. Seiring karo julukan "Ratu Ngebor", Inul wiwit tampil ing akèh panggonan lan jadwal manggungé dadi padhet. Sawetara stasiun télévisi uga rebutan nampilaké Inul.

Saliyané niti karir ing donya nembang, Inul uga nduwèni bisnis karaoké, Inul Vizta. Bisnisé sing nduwèni sawetara cabang iki tau kena masalah. Andar Situmorang nggugat amarga dianggep nglanggar hak cipta. Ananging ing wiwitan sasi Juni 2009, kasusé dimenangaké déning PN Jakarta Pusat.

[sunting] Kauripan pribadi

Pernikahan sing dilakoni Inul bebarengan karo bojoné, Adam Suseno sajroning 13 taun durung pinaringan putra. Nanging mimpi iku pungkasané mawujud ing taun 2009. Liwat program bayi tabung, Inul kasil nglairaké putra pisanan ing sasi 19 Mei 2009 tabuh 21.29 sacara caesar. Bayi pisanan iki diwènèi jeneng Yusuf Ivander Damares.

[sunting] Album

  • Goyang Inul
  • Separuh Nafas
  • Mau Dong
  • Rasain Lho

[sunting] Filmografi

[sunting] Sinetron

  • Kenapa Harus Inul?
  • Gara-Gara Inul
  • Hikayah (Eps.Susuk Pemikat Si Penari Jaipong)
  • Hikayah {Eps.Penyanyi Dangdut Banting Setir Jadi Pembantu}

[sunting] Cathetan suku

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Inul_Daratista&oldid=678421"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès