Indra Lesmana
| Indra Lesmana | |
|---|---|
| Lair | Indra Lesmana 28 Maret 1966 (umur 47) |
| Pagawéyan | penyanyi, pemusik |
| Taun aktif | 1978 - samenika |
| Garwa | Sophia Latjuba (pegatan) Hanny Trihandojo Lesmana |
| Anak | Palakrami kaliyan Sophia Latjuba: Eva Celia Latjuba Palakrami kaliyan Hanny Trihandojo Lesmana: Devo Lesmana Ravi Lesmana |
| Wong tuwa | Jack Lesmana lan Nien Lesmana |
Indra Lesmana (lair ing Jakarta, 28 Maret 1966; umur 47 taun) inggih menika salah satunggalipun musisi jazz saking Indonésia.[1][2] Indra menika putranipun tokoh Jazz Indonésia, Jack Lesmana lan penyanyi sénior Indonésia ing taun 1960-an Nien Lesmana.[1] Sasanesipun menika, Indra ugi kalebet rayinipun produser film Indonésia, Mira Lesmana lan tilas garwanipun salah satunggalipun penyanyi pop Indonésia, Sophia Latjuba.[1] Indra Lesmana wiwit tresna dhateng musik awit yuswaniun sedasa taun.[1] Pangalaman ingkang kapisan ing jagad musik pinurwakan taun 1976 ing Kutha Bandung, nalika Indra péntas sareng kaliyan ramanipun.[1] Sasampunipun péntas menika, Indra asring péntas ing Taman Ismail Marzuki, Jakarta.[1] Salajengipun Indra ngliris albumipun ingkang kapisan kanthi irah-irahan Ayahku Sahabatku taun 1978.[1] Indra lajeng kuliyah ing Australia lan naté nyicipi jagad musik jazz Amérika Serikat.[1] Sadangunipun menika, Indra sampun ngliris grup musik Children of Fantasy (1981).[1] Kaliyan musisi manca negari Indra ndhérék band Nebula, lan sampun ngliris album No Standing.[1] Salajengipun kanthi runtut, panjenenganipun ngliris album Women and Children First (1983) lan For Earth and Heaven (1985), La Samba Primadona (1987), Aku Ingin (1990), Reborn (2000) lan Silver (Album) (2005).[1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala njawi [sunting]
(id)Indra Lesmana (id)Indra Lesmana