Iddah
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 1253 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
Sedaya utawi sapérangan saking artikel punika prayogi dipun wikifikasi. |
Iddah, miturut basa, kuwi asalé saka tembung 'adad (wilanganlan ishaak itung - itungan), tiyang estri ingkang ngétang lan njumlah dina lan masa haid utawa wanci suci. Miturut istilah, tembung iddah kuwi istilah kanggo wanita sing ngentèni kawiné sakwisé dhéwéké ditinggal mati bojoné utawa sakwisé dipegat kanthi ngentèni lairé bayiné utawa entèké quru' utawa entèké sasi sing wis ditamtuaké.[1] Iddah yaiku wanciné ngentèni kanggo wong wadon sing ditinggal mati bojoné utawa pegat saka bojoné supaya antuk nikah menèh karo wong lanang liya. Ancasé iddah yaiku kanggo ndeleng apa sing wadon kuwi nembe meteng utawa ora. Yèn meteng, anak sing dikandhut brarti anak bojo sing nembé dipegat. Kanggo sing lanang duwé hak kanggo rujuk, wanci iddah kuwi kanggo mikir apa tetep pegat apa arep rujuk menèh.[2]
Bab lan Paragraf |
Hukum Iddah [sunting]
Iddah wajib kanggo wong wadon sing dipegat dening bojoné, arep amarga mati utawa pegat amarga faktor liya.[3] Dalilé ana ing Q.S. Al-Baqarah:234.
Suwéné Wanci Iddah [sunting]
- 1. Iddah amarga bojoné mati:
- Kanggo sing wadon sing ora lagi meteng, arep wis kumpul karo bojoné sing mati utawa durung, wanci iddahé 4 sasi 10 dina. Paugeran iki adhedasar firman Allah SWT ing Surat Al-Baqarah, 2:234.[4]
- Kanggo sing wadon sing nembe meteng, wanci iddahé yaiku nganti nglairaké. Paugeran iki adhedhasar Al-Quran Surah At- Talaq, 65:4.
- 2. Iddah amarga talak, fasakh, lan khuluk
- Kanggo sing wadon durung kumpul karo bojoné sing nembé waé pegat, ora ana wanci iddahé. Paugeran iki adhedhasar kaliyan Surat Al-Ahzab,33:49.
- Kanggo sing wadon yèn wis kumpul, wanci iddahé yaiku:
- a. Kanggo sing isih menstruasi, wanci iddahé yaiku 3 suciné. Paugeran iki adhedhasar Al-Quran Surah Al-Baqarah, 2:228.
- b. Kanggo sing wadon sing ora menstruasi, amarga wis tuwa (menopause), wanci iddahé yaiku 3 sasi. Paugeran iki adhedhasar A-Quran Surah At-Talaq, 65:4.
- c. Kanggo sing wadon sing nembe meteng, wanci iddahé yaiku nganti lairé bayiné. Paugeran iki adhedhasar Al-Quran Surah At-Talaq, 65:4. [5]
Hikmah Iddah [sunting]
- Mènèhi kesempatan sing wadon lan sing lanang kanggo rujuk ménèh.
- Supaya weruh yèn sing wadon nembé meteng, kuwi bapaké sapa.
- Supaya sing wadon mèlu ngrasaké kesripahan kaya kulawargané, kuwi yèn amarga ditinggal mati sing lanang.
Pepalang kanggo Wong Wadon sing Nembé Wanci Iddah [sunting]
- Ora éntuk nampa lamaran saka wong lanang liya.
- Ora éntuk nikah.
- Ora éntuk metu saka omah.
- Ora éntuk dandan, kayata nganggo kklambi sutra, nganggo minyak wangi sing kebangetan, nganggo cat kuku, nganggo perhiasan.[3]