Ichthyosaurus
| Ichthyosauria Temporal range: 245–90 Ma |
|
|---|---|
| fosil saka spèsimèn Temnodontosaurus trigonodon, foto saka Staatliches Museum für Naturkunde Stuttgart. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Subfilum: | Vertebrata |
| kelas: | Reptilia |
| Superorder: | Ichthyosauria Blainville, 1835 |
| Famili | |
Ichthyosaurus (Yunani : kadal iwak -ιχθυς/ichthys berarti "iwak" lan σαυρος/sauros berarti "kadal") yaiku kelompok reptil segara gedhe sing mirip iwak lan lumba-lumba.[1][2] Kèwan iki urip nalika èra Mesozoikum.[3] Miturut fosil sing ditemokakè,diprakirakakè kèwan iki sepisanan ana nalika sawetara 245 yuta taun kepengker.[4] Kèwan iki punah kira-kira 90 yuta taun kepengker (25 yuta taun sadurungè dinosaurus punah.[5] Sadawanè periode Triassic, Ichthyosaurus iku evolusi saka reptil dharat sing nglakoni adhaptasi kanggo rip ing banyu.[6][7] Ichthyosaurus kuwi umum banget ditemokakè nalika jaman Jurassic nganti peranè diganti dèning Plesiosaurus ing periode Cretaseous.[8] Ichthyosaurus kalebu golongan ordo sing dikenal yaiku “Ichthyosauria” utawa “Ichthyopterygia” (iwak swiwi, sebutan sing dikenalakè dening Sir Richard Owen ing taun 1840.[1][8] Saiki istilah iki digunakakè kanggo njenengi klan leluhur saka Ichthyosauria).[8][4][5]
Bab lan Paragraf |
Dhèskripsi [sunting]
Rata-rata Ichthyosaurus gedhe nganti 2-4 m (6.6 – 13 kaki) dawanè (ana uga sing gedhènè luwih ). [8] Endhasè awujud iwak pesut lan moncong dawa sing dikebaki untu lancip lan landhep.[8] Bentuk awakè Ichthyosaurus kacipta pancen kanggo ing banyu, lan ana uga ing antarane sing dingertèni bisa inggek ing jeronè laut sing paling jero, kaya dènè paus modern.[8][3] Diprakirakakè ichthyosaurus bisa renang nganti 40 kilometres per hour (25 mph)</noinclude> cepetè.[8] Mirip kaya cetacea ing jaman saiki (paus lan lumba-lumba).[8][3][6] Dènè Ichthyosaurus cara ambeganè yaiku njukut udara saka udara bèbas.[8] Ichthyosaurus duwè alat gerak sing bentukè sirip,sing menawa waè digunakakè kanggo stabilisator lan pengendhalian arah nalika renang.[8] Anggota awakè sing guanè kanggo “penggerak” yaiku buntutè sing gedhè, bentukè enggal kaya buntut iwak hiu.[8] Buntut kuwi duwè lobus gandha ,ing ngisore disokong nganggo kolom vertebratal buntut,”ditekuk” kanthi cara ventral kanggo nututi bentuk lobus ventral.[8] Metu saka babagan sing madhakakè Ichthyosaurus karo iwak , Ichtyosaurus uga mbagi fitur perkembangan paralel karo lumba-lumba, hiu lan iwak tuna.[8] Iki sing gawè penampilanè ichthyosaurus karo iwak-iwak mau mèh katon padha.[8]
Rèprodhuksi [sunting]
Ichtyosaurus iku vivipar sing artinè cara nganakè kanthi cara nglairakè.[3] Ana ing antaranè fosil sing ditemokake spesimen dhewasa sing ngandung janin.[3] Merga kèwan iki reptil lan bageyan evolusi saka mbah buyutè sing sejatinè kewan ovipar, reprodhuksi cara vivipar iki durung kalakon nalika sepisanan metu.[1][5][6] Reptilia laut sing ambegane nganggo udara kudu sring munggah marang dharatan nalika ngendhog (kèwan kaya penyu lan sawer laut).[7] Kanthi perkembangan awakè dadi modhèl "streamline",sing ndadèkakè kèwan iki bisa renang cepet,ngendhog ing dharatan wis ora bisa manèh kanggo Ichthyosaurus, saèngga kanggo ngetokakè anakè,kèwan kudu nganggo cara lairan.[8]
Panganan [sunting]
Ichthyosaurus akèhè ngonsumsi chephalopoda primitif sing disebut "balemnitte".[9] Ichthyosaurus sig pertama kali muncul duwè untu khusus sing dirancang kanggo ngancurakè cangkang kerang-kerangan.[9] Ana uga sing kayanè ngonsumsi iwak cilik lan spèsiès sing luwih gedhè, duwè untu lan rahang abot sing berarti icthyosaurus iki mangan reptil laut sing luwih cilik.[9][8]
Sejarah Penemuan [sunting]
Fosil calon genus Ichthyosaurus pertama kali digambarakè saka potongan fosil sing ditemokakè ing Wales ing taun 1699.[8] Fosil balungan burinè sepisanan dipublikasikakè ping pindho ing taun 1708 minangka "Sisa-sisa Banjir Nuh".[8] Fosil jangkepè sepisanan ditemokakè dening Mary Anning ing Lyme Regis,ing wilayah sing saiki dikenal kanggo sebutan Jurassic Coast.[8] Piyambakè terus nemokakè manèh telung spèsiès sing kepisah ing kana.[3]Ing taun 1905, Ekspedisi Sauria sing dipandhègani dening John C. Merriam saka Universitas California nemokakè 25 spèsimèn ing Central Nevada.[3][8] Sabagean saka fosil sing ditemokakè kasebut saiki dadi koeksi pribadhinè Museum Palaentologi [[Universitas California, saperangan manèh diraketakè ing watu lan bisa didhelok ing Berlin-Ichtyosaur State Park ing Nye County.[1][3][7] Ing taun 1977, fosil saka Ichthyosaurus "Shonisaurus" dadi fosil negara kanggo Nevada.[8] taun 1992 iktiologis Kanada,Dr. Elizabeth Nicholls nemokakè fosil spèsimèn paling gedhè sing dingertèni,ukuranè 23 m.[2]
Taksonomi [sunting]
- Superordo Ichthyopterygia
- Famili Grippidae
- Famili Utatsusauridae
- Ordo ICHTHYOSAURIA
- Cymbospondylus
- Famili Mixosauridae
- Subordo Merriamosauriformes
- Guanlingsaurus
- (unranked) Merriamosauria
- Infraorder Shastasauria
- Infraordo Ichthyosauria (=Euichthyosauruia)
- Famili Ichthyosauridae
- Ichthyosaurus
- Famili Leptopterygiidae
- Famili Temnodontosauridae
- Famili Ophthalmosauridae
- Famili Stenopterygiidae
- Famili Toretocnemidae
- Famili Suevoleviathanidae
- Famili Ichthyosauridae
- Infraorder Parvipelvia
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d Cithakan:Gr[Maisch MW, Matzke AT. 2000. The Ichthyosauria. Stuttgarter Beiträge zur Naturkunde Serie B (Geologie und Paläontologie) 298: 1-159]
- ^ a b www.dinosaurfact.net(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)
- ^ a b c d e f g h (en)[McGowan C, Motani R. 2003. Ichthyopterygia. – In: Sues, H.-D. (ed.): Handbook of Paleoherpetology, Part 8, Verlag Dr. Friedrich Pfeil, 175 pp., 101 figs., 19 plts; München]
- ^ a b (en)Maisch MW, Reisdorf AG, Schlatter R, Wetzel A. 2008. A large skull of Ichthyosaurus (Reptilia: Ichthyosauria) from the Lower Sinemurian (Lower Jurassic) of Frick (NW Switzerland). Swiss Journal of Geosciences 101: 617-627.
- ^ a b c Cithakan:GrBöttcher R. 1990. Neue Erkenntnisse über die Fortpflanzungsbiologie der Ichthyosaurier. Stuttgarter Beiträge zur Naturkunde Serie B (Geologie und Paläontologie) 164: 1-51
- ^ a b c Cithakan:GrMartill D.M. 1993. Soupy Substrates: A Medium for the Exceptional Preservation of Ichthyosaurs of the Posidonia Shale (Lower Jurassic) of Germany. Kaupia - Darmstädter Beiträge zur Naturgeschichte 2: 77-97
- ^ a b c (en)www.kidsdigdinos.com(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u {{en}www.enchantedlearning.com(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)
- ^ a b c Palmer, D., ed. (1999). The Marshall Illustrated Encyclopedia of Dinosaurs and Prehistoric Animals. London: Marshall Editions. p. 80. ISBN 1-84028-152-9.