Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Buku kaya Ibnu Qayyim al-Jauziyah

Abu Abdullah Syamsuddin Muhammad bin Abu Bakar bin Ayyoub bin Sa’ad al-Zar’i al-Dimasyqi al-Hanbali utawa luwih kondhange Ibnu Qayyim al-Jauziyah yaiku sawijining tokoh intelèktual kang vokal, cetha panjelasané, jembar ilmuné jroning hukum Islam (fiqih), tafsir, hadits, ilmu `alat (nahwu), lan ilmu ushul fiqih.[1] Dheweke uga tau dadi ketua Madrasah al Jauziyyah lan suwi dadi staf guru ing Madrasah Shadriyyah. Dheweke munggah kaji ping pirang-pirang lan netep ing kutha Mekkah. Masarakat Mekkah akeh kang ngandakake kekhusyu`ane dheweke jroning ngibadah marang Gusti Allah. Dheweke asring thawaf kang ora mungkin bisa dilakokake dening kakehan wong.[2]


Lair[sunting | sunting sumber]

Jeneng jangkepe yaiku Abu Abdullah Syamsuddin Muhammad bin Abu Bakar bin Ayyoub bin Sa’ad al-Zar’i al-Dimasyqi al-Hanbali. Dheweke lair tanggal 7 Safar 691 H (4 Februari 1292 M) ing dhusun Izra ing Hauran, cedhak kutha Damaskus (Syria).[3][7] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)</ref>

Nasab[sunting | sunting sumber]

Nasabe saka pihak bapak yaiku Syamsuddin Abu 'Abdillah Muhammad bin Abubakar bin Ayyub bin Su'ad bin Hariz az-Zar'i ad-Dimasyqi, lan dikenal kanthi sebutan Ibnul Qoyyim.[1]


Keahlian[sunting | sunting sumber]

Ibnu Qayyim al-Jauziyyah nduweni keahlian ing pirang-pirang babagan ilmu. Dheweke dikenal ahli jroning bidang tafsir Al-Qur’an, hadits, ilmu kalam, fiqih lan usul fiqih, nanging uga ahli ing bidang astronomi, kimia, psikologi, lan filsafat. Nanging amarga karyane akeh banget, banjur dheweke luwih diakoni dadi ‘ahli penyakit ati’ lan ilmu hadits-fiqih.[2]


Pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Umur 16 taun Ibn Qayyim sinau marang Ibnu Taimiyah, lan dadi muride kang paling cerdas. Amarga kacerdasane mula dheweke bisa nerusake pemikiran-pemikirane gurune. Sakloyane dadi muride Ibn Taimiyyah, dheweke uga nate dadi murid sawijining ulama terkanela jamaniku, yaiku Zain ad-Dîn Ibrâhîm ibn Muhammad asy-Syairazî.[3][4]

Guru pisanané yaiku bapaké dhéwé, yaiku Abu Bakar, kang mulang ushuluddin (studi dhasar-dhasar agama). Dhèwèké uga sinau marang Shihaab al-’Abir, Taqiyyuddin Sulaiman, Safiyyuddin al-Hindi, Ismail bin Muhammad al-Harrani lan liyane. Nanging guru kang paling terkenal yaiku Syaikhul-lslam Ibnu Taimiyah (661-728 H / 1263-1328 M). Ibnu Qayyim ngancani lan sinau saka Ibnu Taimiyah suwene enem taun, tekan grune sedo jroning penjara amarga fitnah wong-wong kang ora seneng marang pemahamane.[2]


Dhèwèké uga nyinaoni tasawuf. Bidang iki kang mbedakake karo Ibnu Taimiyah kang madzhab Hambali. Miturut Ibnu Katsir, salah sawijining muride, Ibnu Qayyim seneng ngibadah lan dheweke disenengi masyarakat.[2]


Karya[sunting | sunting sumber]

Miturut peneliti Islam Dr. Iwadullah Jad Hijazi, karya Ibnu Qayyim jroning ilmu pengetahuan lan agama jumlahe ana 66. Jroning bidang tafsir, Ibnu Qayyim nulis Kitab al’Tibyan fi Iqsam Al’Qur’an, Tafsir al-Muuawwizatayn, lan Tafsir Surah al-Fatihah kang ana ing jroning kitab Madarijus Salikin.[2]


Jroning bidang hadits, Ibnu Qayyim nulis Tahdhib al-Siman karyane Abu Dawud, al-Wabilal Sayyab min al-Kalam al-Tayyib lan liyane.[2]


Jroning fiqh lan ushul fiqh dheweke nyumbang karya kitab Ilam al-Muwaqqi’in ‘an Rabb al-’Alarum, al-Fawa’id li Ibn Qayyim, al-Turuq al-Hukmiyyah fi al-Siyysah al-Shar’iyyah, lan liyane. Jroning bidang tasawuf (tazkiyatun nafs), dheweke nulis Madarij al-Salikin, Rawdah al-Muhibbin wa Nuzhah al-Mushtaqin, Kitab al-Ruh, Hadi al-Arwah ila Bilad al-Afrah, Miftah dar al-Sa’adah, lan liya-liyane.[2]


Dheweke uga nulis kitab jroning bidang ilmu kalam, filsafat, lan sejarah.[2]

Guru lan Murid[sunting | sunting sumber]

Guru-gurune Ibnu Qayyim ang antarane yaiku Ibn Abd al Daim, Isa al Mutha`im, al Qadhi Taqy al Din ibn Sulaiman, Ibn Al Syaraazy, al Syahab al Naabalasy al `Abir, Isma`il ibn Maktum, Fatimah binti Jauhar lan liya-liyane. Dheweke sinau basa Arab marang Ibn al Fath lan al Majd al Tunisy. Mergru ilmu ushul fikih marang al Shafy al Hindy. Nyinaoni ilmu fiqih marang al Majd al Haraany al taqy al Din ibn Taimiyyah.[5]

Murid-muride ing antarane yaiku al Hafidz Zain al Din Abd al Rahman ibn Rajab kang ngarang kitab Thabaqat al hanabilah, Syams al Din Muhammad ibn Abd al Qadir al Nabalasy kang nulis kitab Mukhtashar Thabaqat al hanabilah li Abi Ya`la, Ibn Katsir kang nulis kitab al Bidayah wa al Nihayah, ibn Abd al Hadi lan liyane. [5]

Cobaan[sunting | sunting sumber]

Ibnu Qayyim nduweni prinsip, menawa urip ing donya iki mung ujian lan cobaan saka Allah Ta’ala. Meturute, ujian kanggo manungsa iku dhasare anugerah Allah, amarga kanthi lan anugerah iku Allah Ta’ala ngetokake tresnane.[2]


Amarga sikape kang kritis, pamrentah menjarakake Ibnu Qayyim karo gurune, Ibnu Taimiyah. Dheweke uga dihina lan diarak mubeng sarta didera kanthi cambuk ing dhuwur onta. Sakwise gurune sedo, nembe Ibnu Qayyim ditokake.[2]


Sanajan wis ditokake, nanging dheweke kerep kritis lan nyekel kenceng marang ijtihad sarta ngadohi taqlid. Dheweke njupuk istinbath hukum saka Al-Quran, Sunnah Nabawiyah, lan fatwa-fatwa shahih para sahabat. [6]

Mula akeh tokoh kang dadi muride, kayata Syarafuddin Abdullah lan Ibrahim, uga Ibnu Katsir ad-Dimasyqi lan Ibnu Rajab al-Hambali al-Baghdadi.[2]


Wafat[sunting | sunting sumber]

Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah sedo nalika umur 60 taun, ing wengi 13 Rajab 751 H (23 September 1350), lan dimakamke ing sacedhake makame bapake ing Pemakaman Al-Bab as-Saghir (Damaskus).[2] Dheweke disalati ing Masjid Jami` al Umawy banjur dislati ing Masjid Jami` Jarrah.[7]


Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)[1] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l (id)[2] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  3. ^ a b (id)1)
  4. ^ [3] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)
  5. ^ a b (id)[4] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah(diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  6. ^ (id)[5] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  7. ^ (id)[6] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)