ITunes
iTunes 10 di Mac OS X |
|
| Pangembang | Apple Inc. |
| Rilis pisanan | 9 Januari 2001 |
| Versi rilis terbaru | 5.1.2 / 12.december 2011 |
| Sistem operasi | Mac OS X, Microsoft Windows |
| Ukuran gambar | ~75 MB (bervariasi menurut OS)[1] |
| Basa | 19 bahasa[2] |
| Jenis | Pemutar media |
| Lisènsi | Perangkat gratis tak bebas |
| Situs web | www.apple.com/itunes |
iTunes yaiku sawijining piranti alus saka Apple Computer kang bisa muter, ngorganisasi lan tuku lagu (saka iTunes Store).[3] Piranti lunak iki ana ing versi kang bisa dijalanake migunakake sistem operasi Mac OS X, Windows 2000, XP lan Vista.[3] Versi iTunes kang sadurungé uga bisa dijalanaké ana ing Mac OS 9 nanging saiki Apple wis ora nyediakaké manèh.[3] Piranti iki wis duwe reputasi merga gampang olehe nganggo lan organisasi lagune kang apik.[3] Sadurungé metu iTunes, sawijining perusahaan piranti alus Casady & Greene wis bisa gawé sawijining piranti pamuter lagu kang dijenengi SoundJam MP.[3] Apple banjur nuku piranti kuwi saka Casady & Greene lan sekaligus ngawa programmer cacahe saka perusahaan mau kanggo nyiptake iTunes.[3] Versi iTunes kang pisanan bisa didelok meh padha karo SoundJam MP mung ditambah dengan kemampuan kanggo ngrekam lagu menyang CD lan saperangan owah-owahan penampilane.[3] Kanggo versi sabanjure Apple wis miwiti nambahake fitur-fitur liyane.[3]
[sunting] Fitur
iTunes duwé fitur kang mungkinake panganggoné kanggo ngorganisasi, ngowahi informasi lan ngrekam lagu saka CD.[1] Saliyané kuwi iTunes uga bisa ngirim lagu menyang perangkat pemutar lagu, iPod, lan uga tuku lagu saka iTunes Store migunakake layanan internet.[1] Salah siji fitur iTunes kang apik yaiku kemampuane kanggo gawe Smart Playlist kang muwujudake sawijining playlist kang bisa ngubah isine nalika panganggo nglakokake manipulasi marang lagu kang ana ing koleksine.[1]